Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9–10 dari 42
53–54 dari 206
526–535 dari 2.053
| 09.066 | anulya dèn cêngkrami |[1] garwa putra myang wong pura | ngambil sêkar wowohane | tanapi cêngkrama ulam | nulya sami asiram | lêlumban samya mêrau | wus wanuh samya luwaran || |
| 09.067 | angandika sri bupati | nini sira lakonana | sun wirang ing dewa mangke | sapanjalukmu tinêkan | sang dyah sangêt lênggana | kantun sawiyos ngong jaluk | sri nata de karyakêna || |
| 10. Sinom | |
| 10.001 | candhi sèwu dèn sampuna | dadine sarêng sawêngi | esuk anuli [[f. 69r]: anu...li] panggiha | nulya Bandung dèn dhawuhi | putêk rasaning ati | ngrasa sakit manahipun | dening kaliwat-liwat | ala ragane tinampik | ayun mundur tanggung angur si pêjaha || |
| 10.002 | Bandung umatur sandika | nulya kesah sangu brangti | karsane mantuk aseba | ing rama anuwun idi | kinèn amêmanuki | ing sapolahe Ki Bandung | manawa tan katêkan | Ki Bandung kinèn matèni | kawarnaa Ki Bandung sowan ing rama || |
| 10.003 | anangis nungkêmi pada | ki ajar ngandika aris | pa gene sira karuna | apajara marang mami | matur sapolahnèki | purwa wêsana wus rampung | ki ajar mèsêm ngucap | aja sira pajar kaki | ingsun wêruh sapolahira ngawula || |
| 10.004 | abangêt dèn aniayya | wong lumuh arsa ngayoni | kaki têka lampahana | iki wêkasira urip | kaki sapisan iki | bekanira putraningsun | jamake wong awirya | tinuku lara [[f. 69v]] prihatin | wong agêdhe bêgjane gêdhe bekanya || |
| 10.005 | wus wayahe wong akrama | tinuku urip lan pati | nanging yèn apanggih sira | dèn emut wêkas ngong dhingin | sampun dèn bêbisiki | wis kaki dèn gupuh ngidul | mênawa karainan | tur sêmbah kentar sira glis | prapta Gunung Marapi jumênêng pucak || |
| 10.006 | sidhakêp asuku tunggal | babahan sanga mêpêti | alam sêkawan jinajah | păncadriya dèn patèni | anulya nyipta êning | pucuking grana kadulu | mangilèn adhêpira | tan antara udan prapti | sarya angin păncawura gara-gara || |
| 10.007 | kayu rêbah kaparapal | ampuhan agêng kang prapti | rug pracăndha gêng limunan | apan pêdhut aror[2] riris | obah Ardi Mêrapi | kawah umob ting jalêbur | kang angkêr samya obah | gumuruh syara dhêdhêmit | awurahan Barabudhur [[f. 70r]: Barabu...dhur] karya rêca || |
| 10.008 | dinamêl awarna-warna | wayahipun têngah wêngi | ginêlak nèk karahinan | kang candhi sèwu mèh dadi | ana kantune kêdhik | nulya Gajahmada nusul | kinèn de Brawijaya | ambeka pinrih ja dadi | sampun prapta asiluman nyalong[3] lampah || |
53–54 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: anulya dèn cangkramani (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.66.1). (kembali) |
| 2 | awor (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.7.4). (kembali) |
| 3 | nyolong. (kembali) |