Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9–10 dari 42
53–54 dari 206
527–536 dari 2.053
09.067 angandika sri bupati | nini sira lakonana | sun wirang ing dewa mangke | sapanjalukmu tinêkan | sang dyah sangêt lênggana | kantun sawiyos ngong jaluk | sri nata de karyakêna ||
10. Sinom
10.001 candhi sèwu dèn sampuna | dadine sarêng sawêngi | esuk anuli [[f. 69r]: anu...li] panggiha | nulya Bandung dèn dhawuhi | putêk rasaning ati | ngrasa sakit manahipun | dening kaliwat-liwat | ala ragane tinampik | ayun mundur tanggung angur si pêjaha ||
10.002 Bandung umatur sandika | nulya kesah sangu brangti | karsane mantuk aseba | ing rama anuwun idi | kinèn amêmanuki | ing sapolahe Ki Bandung | manawa tan katêkan | Ki Bandung kinèn matèni | kawarnaa Ki Bandung sowan ing rama ||
10.003 anangis nungkêmi pada | ki ajar ngandika aris | pa gene sira karuna | apajara marang mami | matur sapolahnèki | purwa wêsana wus rampung | ki ajar mèsêm ngucap | aja sira pajar kaki | ingsun wêruh sapolahira ngawula ||
10.004 abangêt dèn aniayya | wong lumuh arsa ngayoni | kaki têka lampahana | iki wêkasira urip | kaki sapisan iki | bekanira putraningsun | jamake wong awirya | tinuku lara [[f. 69v]] prihatin | wong agêdhe bêgjane gêdhe bekanya ||
10.005 wus wayahe wong akrama | tinuku urip lan pati | nanging yèn apanggih sira | dèn emut wêkas ngong dhingin | sampun dèn bêbisiki | wis kaki dèn gupuh ngidul | mênawa karainan | tur sêmbah kentar sira glis | prapta Gunung Marapi jumênêng pucak ||
10.006 sidhakêp asuku tunggal | babahan sanga mêpêti | alam sêkawan jinajah | păncadriya dèn patèni | anulya nyipta êning | pucuking grana kadulu | mangilèn adhêpira | tan antara udan prapti | sarya angin păncawura gara-gara ||
10.007 kayu rêbah kaparapal | ampuhan agêng kang prapti | rug pracăndha gêng limunan | apan pêdhut aror[1] riris | obah Ardi Mêrapi | kawah umob ting jalêbur | kang angkêr samya obah | gumuruh syara dhêdhêmit | awurahan Barabudhur [[f. 70r]: Barabu...dhur] karya rêca ||
10.008 dinamêl awarna-warna | wayahipun têngah wêngi | ginêlak nèk karahinan | kang candhi sèwu mèh dadi | ana kantune kêdhik | nulya Gajahmada nusul | kinèn de Brawijaya | ambeka pinrih ja dadi | sampun prapta asiluman nyalong[2] lampah ||
10.009 wruh Ki Bandung anênêdha | nulya ngarsa dèn sêbari | sêkar sataman agêlar | Ki Bandung kagyat ningali | dhuh tiwas laku mami | wus rahina durung sampun | sabên sêkar sataman | yèn runtuh amasthi enjing | kamanungsan Bandung ngucap wis bubara ||
53–54 dari 206

 


awor (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 10.7.4). (kembali)
nyolong. (kembali)