Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9 dari 42
47–48 dari 206
466–475 dari 2.053
| 09.006 | nanging nora jamak jalmi | iku [[f. 62r]: i...ku] tartantuning kuna | wong anakir pamarase | sadhengaha kang kinarya | pangot gunting sêkinga | pan ora ilok pinangku | ya iku ingkang carita || |
| 09.007 | pan sampun antawis lami | katara indhang pan wawrat | pramilaning Banyuputèh | salak pirang-pirang wona | tan ana woh satunggal | wus pinasthi uwohipun | pinangan ing luwak pêthak || |
| 09.008 | salak kita jar kang dadi | ni endhang pan dadi luwak | benjang patine ing têmbe | wawratanira ni endhang | wus prapta ing antara | nulya lair putranipun | warnane tan jamak jalma || |
| 09.009 | pating pancono dhasnèki | awake pating palêkah | abusik pating pramumoh | tansah pinati tan pêjah | saya gêng lir dinadah | aturu saênggènipun | dadi kasutapanira || |
| 09.010 | agêntur tapa wus luwih | amunjuli ramanira | sinung aran ing ramane | nama Bandung Băndawasa | ni [[f. 62v]] endhang wus kagarwa | mring ki ajar sampun sunu | pawèstri warnane endah || |
| 09.011 | dadi panjang kidung jalmi | Ni Rara Turunsih rannya | lagi birai sandhange | amêmasuh dhatêng sêndhang | dhawak tan bêkta rowang | nulya ana beka rawuh | satriya lagi pêpikat || |
| 09.012 | sayah arsa nginum warih | kagyat andulu wanodya | parawan ayu rupane | ki satriya wus kagiwang | ni parawan pinaranan |[1] tan wruh katungkul mêmamasuh |[2] nulya cinêk kang asta |[3]| |
| 09.013 | kagyat Ni Rara Turunsih | tan tan tate andulu jalma |[4] ajrih gumêtêr awake | ni rara tan bisa ngucap | angrasa lamun pêjah | ki satriya aris muwus | nini ja kadukan tămpa || |
| 09.014 | sun arsa têtanya nini | ya ing ngêndi wismanira | sapa aranira mangke | apa sira tanpa bapa | miwah tan darbe kadang | dening dhawak ingsun dulu | ya sira kêna sêngkala || |
| 09.015 | dènnya nauri [[f. 63r]: na...uri] ya ririh | gumêtêr saking jrihira | Gunung Kawi wismaningo[5] | sira mawirya atapa | kadang ingong satunggal | gagah prakosa gul anung | uculna mênawa wikan || |
47–48 dari 206
| 1 | Lebih satu suku kata: ni prawan pinaranan. (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan wruh katukul mêmasuh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.12.6). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nulya cinêkêl kang asta (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.12.7). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan tate dulu jalma lyan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.13.2). (kembali) |
| 5 | wismaningong (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 9.15.3). (kembali) |