Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 42
2–3 dari 206
13–22 dari 2.053
01.013 iya Ratu Baka iku singgih | Pêtungmalarat ya dadya nata | ing wong karya jagal mangke | miwah wong Kalang iku | angaturi pagêbêr uni | wong jagal pinundhutan | sami atur-atur | mring Sang Sri Kandhayu ika | kang jumênêng ratu anèng Mêdhangwilis | anggêntosi kang rama ||
01.014 Rêsi Kandhayu lima [[f. 5r]] putrèki | pabayun èstri ayu warnanya | Ni Rara Suci wastane | Ki Lêmbu Amiluhur | panggulune panêngahnèki | Lêmbu Mardadu rannya | sumêndhi ranipun | iya Ki Lêmbu Pangarang | warujune Lêmbu Amarjaya uni | kacarita sêmana ||
01.015 Ki Lêmbu Miluhur dadya aji | Ngandongijo Lêmbu Mardadunya | ing Kadhiri nagarane | Pangarang nagrinipun | ing Gêgêlang ing Singasari | Ki Lêmbu Amijaya | dening kang waruju | wuragile Prêgiwăngsa | ing Koripan Lêmbu Amiluhur siwi | Rahadèn Kapirembang ||
01.016 iya Panji pangaptine iki | garwanira putri ing Mêmênang | nulya wêka lanang mangke | Laleyan aranipun | apêputra Banjaransari | ngadêg Mêdhangkamolan | kaping tiga iku | nulya nêgarane rêngka | gêring bangêt wirang musna sing nêgari | sakathile kêncana ||
01.017 mangilèn tapa jro guwa uni | duk sêmana nora nana nata | Gumuk Umbul bae rane | ênêngna kang winuwus | rêrusuhan [[f. 5v]: rê...rusuhan] ing tanah Jawi | rêbat angkah-piyangkah | agêmpur-ginêmpur | sadhenga rosa kèringan | duk sêmana bang kulon ana wong luwih | wismane Sukapura ||
01.018 arosa kèringan tan awani | anak putune langkung akathah | Ki Pinituwa arane | angrudatin ing kalbu | dening nora aduwe aji | atapa nêdha dewa | lawan garwanipun | ana syara kapiyarsa | hèh lungaa ing jro guwa ana aji | jujungên[1] mutêr ing rat ||
01.019 kagèt awungu enggal lumaris | lan kang garwa kentar majing[2] guwa | kalunta-lunta lampahe | manjing guwa nrang gunung | sakèh guwa dipun lêbêti | nora nana kapêdhak | èmêng manahipun | nulya mulat kidul wetan | ana teja manthêr enggal dèn parani | kang aran Guwa Mulya ||
01.020 langkung angkêr norana wong wani | jalma mara sato mara pêjah | manuk mibêr tiba akèh | Ki Tuwa ambêk lampus | manjing guwa lan garwanèki | jro [[f. 6r]] guwa lir kadhatyan | tundha korinipun | ingapit-apit paseban | sampun manjing kori tiga aningali | cahya jro guwa padhang ||
01.021 anyamadi lir padhanging rawi | sajro guwa padhang lir raina | Ki Tuwa awas tingale | ana satriya turu | langkung bagus ngrênggani kathil | wus anduga Ki Tuwa | lamun bakal ratu | anulya pinalajêngan | lan kang garwa karsane ayun ngabêkti | kang nendra nulya ilang ||
01.022 Ki Tuwa gona nging kathil kari | langkung gêgêtun nora angucap | lajêng tinunggu kathile | aloma anèng ngriku | apratapa lan garwanèki | ênêngna kang winarna | kang musna ing wau | Banjaransari lumampah | nutugakên kantuna bawang sumilir | yèn durung nora dadya ||
2–3 dari 206

 


junjungên (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
manjing (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.124.2). (kembali)