Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 42
2–3 dari 206
16–25 dari 2.053
| 01.016 | iya Panji pangaptine iki | garwanira putri ing Mêmênang | nulya wêka lanang mangke | Laleyan aranipun | apêputra Banjaransari | ngadêg Mêdhangkamolan | kaping tiga iku | nulya nêgarane rêngka | gêring bangêt wirang musna sing nêgari | sakathile kêncana || |
| 01.017 | mangilèn tapa jro guwa uni | duk sêmana nora nana nata | Gumuk Umbul bae rane | ênêngna kang winuwus | rêrusuhan [[f. 5v]: rê...rusuhan] ing tanah Jawi | rêbat angkah-piyangkah | agêmpur-ginêmpur | sadhenga rosa kèringan | duk sêmana bang kulon ana wong luwih | wismane Sukapura || |
| 01.018 | arosa kèringan tan awani | anak putune langkung akathah | Ki Pinituwa arane | angrudatin ing kalbu | dening nora aduwe aji | atapa nêdha dewa | lawan garwanipun | ana syara kapiyarsa | hèh lungaa ing jro guwa ana aji | jujungên[1] mutêr ing rat || |
| 01.019 | kagèt awungu enggal lumaris | lan kang garwa kentar majing[2] guwa | kalunta-lunta lampahe | manjing guwa nrang gunung | sakèh guwa dipun lêbêti | nora nana kapêdhak | èmêng manahipun | nulya mulat kidul wetan | ana teja manthêr enggal dèn parani | kang aran Guwa Mulya || |
| 01.020 | langkung angkêr norana wong wani | jalma mara sato mara pêjah | manuk mibêr tiba akèh | Ki Tuwa ambêk lampus | manjing guwa lan garwanèki | jro [[f. 6r]] guwa lir kadhatyan | tundha korinipun | ingapit-apit paseban | sampun manjing kori tiga aningali | cahya jro guwa padhang || |
| 01.021 | anyamadi lir padhanging rawi | sajro guwa padhang lir raina | Ki Tuwa awas tingale | ana satriya turu | langkung bagus ngrênggani kathil | wus anduga Ki Tuwa | lamun bakal ratu | anulya pinalajêngan | lan kang garwa karsane ayun ngabêkti | kang nendra nulya ilang || |
| 01.022 | Ki Tuwa gona nging kathil kari | langkung gêgêtun nora angucap | lajêng tinunggu kathile | aloma anèng ngriku | apratapa lan garwanèki | ênêngna kang winarna | kang musna ing wau | Banjaransari lumampah | nutugakên kantuna bawang sumilir | yèn durung nora dadya || |
| 01.023 | manjing wana munggah jurang ardi | nora kèndêl datan dhahar nendra | tan ana sinêdya mangke | anut karsa dewa gung | duk sêmana Banjaransari | kalêsyan arsa raryyan | dulu taman agung | pêpêthetan sri kawuryan [[f. 6v]] | gapura gêng ingukir rinaja wèdi | pinatik nawa rêtna || |
| 01.024 | muncar mancur cahya sêsotya di | kadi taman ing syarga di mulya | dede manungsa kang gawe | adawa kang winuwus | kurang căndra pan luwih kawi | Radèn Banjaransêkar | manjing arsa adus | kagyat syarane gumêrah | jro gapura kang adus pan widadari | lajêng Banjaransêkar || |
| 01.025 | nulya ana ingkang têngga kori | wong wadon tuwa ciklu wus mamar | tumibèng janggut dhêngkule | wus budhêg anyênyapu | nulya takon Banjaransari | wali tan sinauran | jinawil anjubul[3] | budhêge si nini waras | kamanusan satuhune widadari | arsa mibêr cinandhak || |
2–3 dari 206
| 1 | junjungên (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 2 | manjing (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.124.2). (kembali) |
| 3 | anjumbul. Bandingkan: ajumbul (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.136.7). (kembali) |