Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 42
2–3 dari 206
19–28 dari 2.053
| 01.019 | kagèt awungu enggal lumaris | lan kang garwa kentar majing[1] guwa | kalunta-lunta lampahe | manjing guwa nrang gunung | sakèh guwa dipun lêbêti | nora nana kapêdhak | èmêng manahipun | nulya mulat kidul wetan | ana teja manthêr enggal dèn parani | kang aran Guwa Mulya || |
| 01.020 | langkung angkêr norana wong wani | jalma mara sato mara pêjah | manuk mibêr tiba akèh | Ki Tuwa ambêk lampus | manjing guwa lan garwanèki | jro [[f. 6r]] guwa lir kadhatyan | tundha korinipun | ingapit-apit paseban | sampun manjing kori tiga aningali | cahya jro guwa padhang || |
| 01.021 | anyamadi lir padhanging rawi | sajro guwa padhang lir raina | Ki Tuwa awas tingale | ana satriya turu | langkung bagus ngrênggani kathil | wus anduga Ki Tuwa | lamun bakal ratu | anulya pinalajêngan | lan kang garwa karsane ayun ngabêkti | kang nendra nulya ilang || |
| 01.022 | Ki Tuwa gona nging kathil kari | langkung gêgêtun nora angucap | lajêng tinunggu kathile | aloma anèng ngriku | apratapa lan garwanèki | ênêngna kang winarna | kang musna ing wau | Banjaransari lumampah | nutugakên kantuna bawang sumilir | yèn durung nora dadya || |
| 01.023 | manjing wana munggah jurang ardi | nora kèndêl datan dhahar nendra | tan ana sinêdya mangke | anut karsa dewa gung | duk sêmana Banjaransari | kalêsyan arsa raryyan | dulu taman agung | pêpêthetan sri kawuryan [[f. 6v]] | gapura gêng ingukir rinaja wèdi | pinatik nawa rêtna || |
| 01.024 | muncar mancur cahya sêsotya di | kadi taman ing syarga di mulya | dede manungsa kang gawe | adawa kang winuwus | kurang căndra pan luwih kawi | Radèn Banjaransêkar | manjing arsa adus | kagyat syarane gumêrah | jro gapura kang adus pan widadari | lajêng Banjaransêkar || |
| 01.025 | nulya ana ingkang têngga kori | wong wadon tuwa ciklu wus mamar | tumibèng janggut dhêngkule | wus budhêg anyênyapu | nulya takon Banjaransari | wali tan sinauran | jinawil anjubul[2] | budhêge si nini waras | kamanusan satuhune widadari | arsa mibêr cinandhak || |
| 01.026 | nini tuwa sambate ndrêwili | arsa sira kapakakên ingwang | Banjaransari ujare | aja kadukan ingsun | arsa tanya mring sira nini | bulah sira anoma | ana wadinipun | sabdaning ratu atapa | tinurutan ing dewa ni tuwa nuli | mulya nom warnanira [[f. 7r]] || |
| 01.027 | angluwihi ayune rumiyin | mulih anome kala parawan | langkung suka tarimane | bêkti sumungkêm suku | apa sun walêsna ing gusti | Radèn Banjaransêkar | dhuh aja kagugu | tulungên manira tanya | taman iki sapa ingkang anduweni | ni rara tur pranata || |
| 01.028 | punika kang darbe prabu èstri | satuhune guruning wanita | widadari satuhune | ratu-ratuning ayu | patang puluh kang widadari | samya karèh marêkan | myang isi kadhatun | sèwu dhomas kênya raras | samya ayu pakaryannya têngga kori | myang karyaning wanodya || |
2–3 dari 206
| 1 | manjing (dan di tempat lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.124.2). (kembali) |
| 2 | anjumbul. Bandingkan: ajumbul (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.136.7). (kembali) |