Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 42
1 dari 206
1–10 dari 2.053
1. Dhandhanggula
01.001 nir panêmbahing pandhita aji | sêngkalane duk wiwit sinurat | dintên Soma Pon tanggale | ping sapta wulanipun | ing Ramêlan Êbe kang warsi | nuju măngsa kasanga | Wugu wukunipun |[1] kang nurat wong jugul mudha | mindha punggung cumanthaka paksa kawi | nêmbangakên carita ||
01.002 sun amurwa ing carita singgih | sapraptane saking pangubaran | kang tinutur sajarahe | sagunging para ratu | Nabi Adam aputra Êsis | Êsis putra Nurcahya | Nurcahya asunu | iya kang aran Nurrasa | Sang Nurrasa putra Sang Yyang Wênang singgih | aputra Sang Yyang Tunggal ||
01.003 Sang Yyang Tugal[2] Guru putranèki | Guru ika aputra lêlima | Sang Yyang Sambo pambarêpe | Brama panggulunipun | Mahadewa panêngahnèki | Wisnu wuragilira | kang jumênêng ratu | angadêg ing nusa Jawa | pan kinarya têtimbanganing agami | Islam nagarèng Ngarab ||
01.004 nusa Jawa aran Gilingwêsi | duk jênênge Sang Ratu Prawata | Gilingwêsi [[f. 3v]: Giling...wêsi] nagarane | Gilingwêsi puniku | ya ing Mêdhangkamolannèki | purwane ana raja | nusya Jawa iku | anama Selaprawata | ratunipun ing Mêdhang ing Molah singgih | iya ing Panataran ||
01.005 wus aloma[3] ya ing Gilingwêsi | duk samana udan salah măngsa | linud ing barat agêdhe | carat taun tumurun | lan grahana surya myang sasi | kumukus punang lintang | rêngka ingkang gunung | padha lèngsèr alorodan | iya iku turuning dahana siti | dahat tutur kang awal ||
01.006 Bathara Brama aputra èstri | kang anama kinèn akramaa | kang putra dening ramane | Yyang Tritustha puniku | Parikêna putrane rèki | nulya putra Bagawan | Manukmanasèku | Manukmanasa aputra | pan Tundrêma anulya aputra Sakri | aputra Palasara ||
01.007 nulya putra Biyasa puniki | nulya putra Pandhu Dewanata | ing Ngastina nêgarane | ing Ngastina puniku [[f. 4r]: puni...ku] | sajênênge Kurawa èsthi | nêgaranipun rêngka | ing Mêdhang puniku | dadya jawah salah măngsa | sudama kèh kumukus darajat nagri | Pandhuputra Pandhawa ||
01.008 Arjuna putra Bimanyu singgih | nulya putra Parikêsit rannya | putra Yudayana rane | Yudayana asunu | Gêndrayana putrane rèki | nama Sang Jayabaya | kala jênêngipun | nênggih nagarane rêngka | kèh katingal jarajate nulya siwi | Aji Jayamijaya ||
01.009 Jayamijaya putrane rèki | Jayamisena nulya pêputra | Kusumawicitra rane | Sumacitra asunu | Citrasoma nulya asiwi | kang aran Păncadriya | anulya sêsunu | Alindriya nuli putra | ingkang nama Raja Selacala uni | nagri Purwacarita ||
01.010 ya ing Mêdhang Andongijo iki | nênggih nulya nêgarane rêngka | ya ing Mêdhangkawitane | ingkang kapindho iku | Sri Mapunggung pêpatihnèki | kang aran Jugulmudha | Sri Mapugung[4] sunu | awasta Sri Kêndhiawan [[f. 4v]] | pêpatihe awasta Kunthara luwih | sutane Jugulmudha ||
1 dari 206

 


Tanggal: Soma (Sênèn) Pon sapta (7) Ramêlan (Pasa) Êbe (Be): nir panêmbah ing pandhita aji (AJ 1720). Tanggal Masehi: Selasa 8 April 1794. Perbedaan satu hari (Sênèn versus Selasa) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
Tunggal (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 1.8.1). (kembali)
alama (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 1.5.1). (kembali)
Mapunggung. (kembali)