Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 42
3 dari 206
21–30 dari 2.053
01.021 anyamadi lir padhanging rawi | sajro guwa padhang lir raina | Ki Tuwa awas tingale | ana satriya turu | langkung bagus ngrênggani kathil | wus anduga Ki Tuwa | lamun bakal ratu | anulya pinalajêngan | lan kang garwa karsane ayun ngabêkti | kang nendra nulya ilang ||
01.022 Ki Tuwa gona nging kathil kari | langkung gêgêtun nora angucap | lajêng tinunggu kathile | aloma anèng ngriku | apratapa lan garwanèki | ênêngna kang winarna | kang musna ing wau | Banjaransari lumampah | nutugakên kantuna bawang sumilir | yèn durung nora dadya ||
01.023 manjing wana munggah jurang ardi | nora kèndêl datan dhahar nendra | tan ana sinêdya mangke | anut karsa dewa gung | duk sêmana Banjaransari | kalêsyan arsa raryyan | dulu taman agung | pêpêthetan sri kawuryan [[f. 6v]] | gapura gêng ingukir rinaja wèdi | pinatik nawa rêtna ||
01.024 muncar mancur cahya sêsotya di | kadi taman ing syarga di mulya | dede manungsa kang gawe | adawa kang winuwus | kurang căndra pan luwih kawi | Radèn Banjaransêkar | manjing arsa adus | kagyat syarane gumêrah | jro gapura kang adus pan widadari | lajêng Banjaransêkar ||
01.025 nulya ana ingkang têngga kori | wong wadon tuwa ciklu wus mamar | tumibèng janggut dhêngkule | wus budhêg anyênyapu | nulya takon Banjaransari | wali tan sinauran | jinawil anjubul[1] | budhêge si nini waras | kamanusan satuhune widadari | arsa mibêr cinandhak ||
01.026 nini tuwa sambate ndrêwili | arsa sira kapakakên ingwang | Banjaransari ujare | aja kadukan ingsun | arsa tanya mring sira nini | bulah sira anoma | ana wadinipun | sabdaning ratu atapa | tinurutan ing dewa ni tuwa nuli | mulya nom warnanira [[f. 7r]] ||
01.027 angluwihi ayune rumiyin | mulih anome kala parawan | langkung suka tarimane | bêkti sumungkêm suku | apa sun walêsna ing gusti | Radèn Banjaransêkar | dhuh aja kagugu | tulungên manira tanya | taman iki sapa ingkang anduweni | ni rara tur pranata ||
01.028 punika kang darbe prabu èstri | satuhune guruning wanita | widadari satuhune | ratu-ratuning ayu | patang puluh kang widadari | samya karèh marêkan | myang isi kadhatun | sèwu dhomas kênya raras | samya ayu pakaryannya têngga kori | myang karyaning wanodya ||
01.029 ratu ayu tuhu sêtya luwih | dahat datan arsa akramia | sapa arane sang katong | Rêtnaningrat Murdèngrum | warnanira asalin-salin | ing sadina ping sapta | tur lantip amuwus | ratu sakti mahambara | nagrinira ing Galuh punika [[f. 7v]] gusti | norana kang uninga ||
01.030 jalma mara sato mara mati | kang tumingal amasthi kasmaran | mila ngalingan sang rajèng | dèrèng măngsa kadulu | benjang prapta ingkang darbèni | puniki kaliyatan | jangkane sang prabu | pa karane sira tuwa | ulun dhingin kinasihan ing sang aji | kabêndon sinupatan ||
3 dari 206

 


anjumbul. Bandingkan: ajumbul (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.136.7). (kembali)