Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 42
3–4 dari 206
26–35 dari 2.053
01.026 nini tuwa sambate ndrêwili | arsa sira kapakakên ingwang | Banjaransari ujare | aja kadukan ingsun | arsa tanya mring sira nini | bulah sira anoma | ana wadinipun | sabdaning ratu atapa | tinurutan ing dewa ni tuwa nuli | mulya nom warnanira [[f. 7r]] ||
01.027 angluwihi ayune rumiyin | mulih anome kala parawan | langkung suka tarimane | bêkti sumungkêm suku | apa sun walêsna ing gusti | Radèn Banjaransêkar | dhuh aja kagugu | tulungên manira tanya | taman iki sapa ingkang anduweni | ni rara tur pranata ||
01.028 punika kang darbe prabu èstri | satuhune guruning wanita | widadari satuhune | ratu-ratuning ayu | patang puluh kang widadari | samya karèh marêkan | myang isi kadhatun | sèwu dhomas kênya raras | samya ayu pakaryannya têngga kori | myang karyaning wanodya ||
01.029 ratu ayu tuhu sêtya luwih | dahat datan arsa akramia | sapa arane sang katong | Rêtnaningrat Murdèngrum | warnanira asalin-salin | ing sadina ping sapta | tur lantip amuwus | ratu sakti mahambara | nagrinira ing Galuh punika [[f. 7v]] gusti | norana kang uninga ||
01.030 jalma mara sato mara mati | kang tumingal amasthi kasmaran | mila ngalingan sang rajèng | dèrèng măngsa kadulu | benjang prapta ingkang darbèni | puniki kaliyatan | jangkane sang prabu | pa karane sira tuwa | ulun dhingin kinasihan ing sang aji | kabêndon sinupatan ||
01.031 yun pinatèn katon bêcik mami | ingapura kinèn têngga lawang | ing taman iki purwane | lah mau kang gumuruh | apa iku sun amiyarsi | widadari punika | gusti sami adus | ing taman iki larangan | luwih angkêr nora nana kang pratami | yèn dede nayakèng rat ||
01.032 balik tuwan kula nuwun angling | sapa sintên têdah lan pinăngka | ayun wruha darunane | purwa wasana ulun | kita lawas dèrèng ningali | satriya kadi tuwan | lir Asmara nurun | de tuwan wuryan katingal | sapa sintên dhuh gusti sinambat ing sih | wingking pundi pinăngka [[f. 8r]: pinăng...ka] ||
01.033 ingsun iki wong Mêndhangkasilir | brangtèngsun alit tumêkèng wayah | dèrèng uning wasanane | nglangut saparan kayun | babarana dhuh kula gusti | besuk ingsun anjarwa | yèn panggih sang prabu | wis matura ingsun arsa | manjing taman arsa adus nginum warih | anuwun sarêng kentar ||
01.034 kawarnaa Dyan Banjaransari | manjing taman kandhêg pasêkaran | amêthik kusuma ngangge | gandanya marbuk arum | warna-warna kang ponang sari | mêkar danguning lirang | alangên dinulu | marbuk jăngga lèn kang sana | bêbanjaran punang sêkar amêpêki | adawa yèn winarna ||
01.035 manjing taman angura lêlungid | kakawin kidung muluk syaranya | lung-lungan anolèh kabèh | Radyan Banjaransantun | dhasar bagus syara amanis | lir ngalapana jiwa | rinatus lan juruh | midêr-midêr pêpêthetan | sri kawuryan têka lulut aningali | karasa duk awirya ||
3–4 dari 206