Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 42
4–5 dari 206
38–47 dari 2.053
01.038 lir liman adus jrum katon êning | anjog botrawi sakathah toya | pêksi rêbut wohan rame | Radèn Banjaransantun | sêsarean kambang angimpi | katingal sacumbana | lan sang rêtnaning rum | korud [[f. 9r]: ko...rud] kang rasa tumiba | anèng kambang trus ing toya tibèng bèji | wus karsaning bathara ||
01.039 rasa ilang wus anjalma èstri | tinampanan Sang Yyang Kamadhala | ngêmbanan widadarine | pinêrnahakên sampun | dadi ratu wadat pawèstri | pan nora krama jalma | pan turun-tumurun | ing Nusyakambangan gènnya | iya iku kithane Nusatambini | asêk timah abara ||
01.040 kunêng kocapa kang manjing puri | aturira lir kadya carita | kawula nuwun sang sinom | atur uningèng ulun | ămba tiwas ing tamansari | wontên satriya prapta | warnane abagus | angandika prabu rara | sapa sira dening wuryan sun tingali | kawula abdi tuwan ||
01.041 kang kadukan kinèn têngga kori | tamansari kula nini tuwa | raja dèwi kagyat tyase | dinangu purwanipun | wus tinutur kanyut [[f. 9v]: kanyu...t] sang aji | anggraitèng ing nala | baya iku ratu | pangajapan ingsun tawang | kang winuni pangandika dewa luwih | lah mara tutugêna ||
01.042 nini rara ature mlad ati | kang pangandika satriya prapta | ayun panggiha sang rajèng | asangêt ămba matur | nanging botên dipun piyarsi | angupados usada | pangandikanipun | tan jarwa têdah pinăngka | rare mula moyang wong Mêndhangkasilir | wasta Banjaransêkar ||
01.043 cahya mancur warna nom apêkik | wong sajagat nora nana memba | lir Yyang Asmara warnane | dèrèng ămba andulu | nora nana dipun waoni | pantês punika nata | dewa ingkang nurun | prawignya amutêr jagat | prabu rara kasmaran dening pawarti | ana karasèng nala ||
01.044 iku satriya têka ing ngêndi | wani-wani angambah larangan | gusti tan jêrwa angsale | de pangandikanipun | sira nora ingsun jarwani | besuk sun babar [[f. 10r]] kula | yèn panggih lan prabu | angandika prabu rara | dening ladak arsa panggih lawan mami | arsa ambêdhah kutha ||
01.045 angkuhe kaya kang amutêr bumi |[1] yugyaning dewa panggih lan ingwang | yèn ta dudu-dudu wonge | măngsa kangsia têmu | ya warahên ingsun aturi | lan ingsun sayabara | yèn bêdhah kuthèngsun | aja lan dèn rodapaksa | upamane lir mina anèng jro warih | aja buthak kang toya ||
01.046 dèn wilanga lawang kutha iki | yèn kawilang kambaha sadaya | wruha purwa wasanane | yèn manjing kuthaningsun | kunci mênga ingsun tan apti | dudu trahing atapa | manjinga kadhatun | jlêg tanpa sangkan tan ngambah | lawang kutha iku ingsun nora apti | ya dudu trahing nata ||
01.047 yèn kalakon ing sapamundhut mami |[2] masthi ingsun ngawula mawongan | ya iku ratu ing kene | ingsun darma atunggu | nyata prapta kang mutêr bumi | yèn tan mêngkono iya [[f. 10v]: i...ya] | masthi iku lêbur | lan ingsun panggih ing benjang | lamun dalu amasthi kathah gêgêring | yèn rina larang pangan ||
4–5 dari 206

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: angkuhe kaya kang mutêr bumi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 1.45.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.156.1). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn kalakon sapamudhut [sapamundhut] mami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 1.47.1); yèn kalakon sapamundhut mami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.158.1). (kembali)