Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1–2 dari 42
5–6 dari 206
43–52 dari 2.053
| 01.043 | cahya mancur warna nom apêkik | wong sajagat nora nana memba | lir Yyang Asmara warnane | dèrèng ămba andulu | nora nana dipun waoni | pantês punika nata | dewa ingkang nurun | prawignya amutêr jagat | prabu rara kasmaran dening pawarti | ana karasèng nala || |
| 01.044 | iku satriya têka ing ngêndi | wani-wani angambah larangan | gusti tan jêrwa angsale | de pangandikanipun | sira nora ingsun jarwani | besuk sun babar [[f. 10r]] kula | yèn panggih lan prabu | angandika prabu rara | dening ladak arsa panggih lawan mami | arsa ambêdhah kutha || |
| 01.045 | angkuhe kaya kang amutêr bumi |[1] yugyaning dewa panggih lan ingwang | yèn ta dudu-dudu wonge | măngsa kangsia têmu | ya warahên ingsun aturi | lan ingsun sayabara | yèn bêdhah kuthèngsun | aja lan dèn rodapaksa | upamane lir mina anèng jro warih | aja buthak kang toya || |
| 01.046 | dèn wilanga lawang kutha iki | yèn kawilang kambaha sadaya | wruha purwa wasanane | yèn manjing kuthaningsun | kunci mênga ingsun tan apti | dudu trahing atapa | manjinga kadhatun | jlêg tanpa sangkan tan ngambah | lawang kutha iku ingsun nora apti | ya dudu trahing nata || |
| 01.047 | yèn kalakon ing sapamundhut mami |[2] masthi ingsun ngawula mawongan | ya iku ratu ing kene | ingsun darma atunggu | nyata prapta kang mutêr bumi | yèn tan mêngkono iya [[f. 10v]: i...ya] | masthi iku lêbur | lan ingsun panggih ing benjang | lamun dalu amasthi kathah gêgêring | yèn rina larang pangan || |
| 01.048 | yèn tan wruh ingsun tan yun pêpanggih | wis mêtua inggal aturana | dèn kalakon jar sun kabèh | sakèhe kang atugu[3] | lawang kutha dèn ngati-ati | ana satriya wignya | yèn tiwas sadarum | amasthi dadi boyongan | atur sêmbah nini rara sampun mijil | gula kentar ginantya || |
| 2. Mijil | |
| 02.001 | sampun mêdal ni rara lumaris | ngaturi sang anom | dhatêng taman asigra lampahe | Banjaransari kapanggih linggih | angura lêlungid | dènnya nganti dangu || |
| 02.002 | sagupita nini rara prapti | umatur wotsinom | sampun katur sang nata wêlinge | gusti sampeyan dipun aturi | nging dèn ngati-ati | marga kèh pakewuh || |
| 02.003 | yèn sisip nora amondhong putri | pasthi sida nglamong | wurung tămpa sida [[f. 11r]] tămpa mangke | gampang yèn kalêrêsan kang margi | sang aprabu èstri | pan darma atunggu || |
| 02.004 | iya pirabara awak mami | tinulung Yyang Manon | Banjaransari aris lampahe | nini rara tan têbih nèng wingking | praptèng ing nagari | Dyan Banjaransantun || |
5–6 dari 206
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: angkuhe kaya kang mutêr bumi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 1.45.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.156.1). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn kalakon sapamudhut [sapamundhut] mami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 1.47.1); yèn kalakon sapamundhut mami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.158.1). (kembali) |
| 3 | atunggu (di tempat dan bentukan lain). (kembali) |