Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 42
5–6 dari 206
46–55 dari 2.053
01.046 dèn wilanga lawang kutha iki | yèn kawilang kambaha sadaya | wruha purwa wasanane | yèn manjing kuthaningsun | kunci mênga ingsun tan apti | dudu trahing atapa | manjinga kadhatun | jlêg tanpa sangkan tan ngambah | lawang kutha iku ingsun nora apti | ya dudu trahing nata ||
01.047 yèn kalakon ing sapamundhut mami |[1] masthi ingsun ngawula mawongan | ya iku ratu ing kene | ingsun darma atunggu | nyata prapta kang mutêr bumi | yèn tan mêngkono iya [[f. 10v]: i...ya] | masthi iku lêbur | lan ingsun panggih ing benjang | lamun dalu amasthi kathah gêgêring | yèn rina larang pangan ||
01.048 yèn tan wruh ingsun tan yun pêpanggih | wis mêtua inggal aturana | dèn kalakon jar sun kabèh | sakèhe kang atugu[2] | lawang kutha dèn ngati-ati | ana satriya wignya | yèn tiwas sadarum | amasthi dadi boyongan | atur sêmbah nini rara sampun mijil | gula kentar ginantya ||
2. Mijil
02.001 sampun mêdal ni rara lumaris | ngaturi sang anom | dhatêng taman asigra lampahe | Banjaransari kapanggih linggih | angura lêlungid | dènnya nganti dangu ||
02.002 sagupita nini rara prapti | umatur wotsinom | sampun katur sang nata wêlinge | gusti sampeyan dipun aturi | nging dèn ngati-ati | marga kèh pakewuh ||
02.003 yèn sisip nora amondhong putri | pasthi sida nglamong | wurung tămpa sida [[f. 11r]] tămpa mangke | gampang yèn kalêrêsan kang margi | sang aprabu èstri | pan darma atunggu ||
02.004 iya pirabara awak mami | tinulung Yyang Manon | Banjaransari aris lampahe | nini rara tan têbih nèng wingking | praptèng ing nagari | Dyan Banjaransantun ||
02.005 kagyat lênglêng rêmên aningali | Dyan Banjaransinom | aningali rakite kithane | sampun patut tanna dèn waoni | emane puniki | norana wongipun ||
02.006 iki patut dadia nêgari | norana winaon | iya kari angênggoni bae | Banjaransari ngadêg têpining | ing samadyanèki | kang waringin kurung ||
02.007 nini rara matur lah suwawi | manjinga kadhaton | Banjaransari nêdhèng dewane | kinumpulakên dados satunggil | babar aling-aling | sidhakêp sidêkung ||
5–6 dari 206

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn kalakon sapamudhut [sapamundhut] mami (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 1.47.1); yèn kalakon sapamundhut mami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 1.158.1). (kembali)
atunggu (di tempat dan bentukan lain). (kembali)