Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 42
5–6 dari 206
48–57 dari 2.053
01.048 yèn tan wruh ingsun tan yun pêpanggih | wis mêtua inggal aturana | dèn kalakon jar sun kabèh | sakèhe kang atugu[1] | lawang kutha dèn ngati-ati | ana satriya wignya | yèn tiwas sadarum | amasthi dadi boyongan | atur sêmbah nini rara sampun mijil | gula kentar ginantya ||
2. Mijil
02.001 sampun mêdal ni rara lumaris | ngaturi sang anom | dhatêng taman asigra lampahe | Banjaransari kapanggih linggih | angura lêlungid | dènnya nganti dangu ||
02.002 sagupita nini rara prapti | umatur wotsinom | sampun katur sang nata wêlinge | gusti sampeyan dipun aturi | nging dèn ngati-ati | marga kèh pakewuh ||
02.003 yèn sisip nora amondhong putri | pasthi sida nglamong | wurung tămpa sida [[f. 11r]] tămpa mangke | gampang yèn kalêrêsan kang margi | sang aprabu èstri | pan darma atunggu ||
02.004 iya pirabara awak mami | tinulung Yyang Manon | Banjaransari aris lampahe | nini rara tan têbih nèng wingking | praptèng ing nagari | Dyan Banjaransantun ||
02.005 kagyat lênglêng rêmên aningali | Dyan Banjaransinom | aningali rakite kithane | sampun patut tanna dèn waoni | emane puniki | norana wongipun ||
02.006 iki patut dadia nêgari | norana winaon | iya kari angênggoni bae | Banjaransari ngadêg têpining | ing samadyanèki | kang waringin kurung ||
02.007 nini rara matur lah suwawi | manjinga kadhaton | Banjaransari nêdhèng dewane | kinumpulakên dados satunggil | babar aling-aling | sidhakêp sidêkung ||
02.008 Sang Yyang Pramana dèn uningani | nora nana katon | wus matèni ing pănca driyane | babahan nawa [[f. 11v]: na...wa] dipun pêpêti | norana kaèksi | tan dulu tan ngrungu ||
02.009 nora gănda mèdi dèn kawruhi | tinutupan Manon | wus rinêksa rahadèn napase | mulya êning gèn muja sêmèdi | linang sukma mari | sarira karungu ||
5–6 dari 206

 


atunggu (di tempat dan bentukan lain). (kembali)