Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 42
1–2 dari 206
4–13 dari 2.053
01.004 nusa Jawa aran Gilingwêsi | duk jênênge Sang Ratu Prawata | Gilingwêsi [[f. 3v]: Giling...wêsi] nagarane | Gilingwêsi puniku | ya ing Mêdhangkamolannèki | purwane ana raja | nusya Jawa iku | anama Selaprawata | ratunipun ing Mêdhang ing Molah singgih | iya ing Panataran ||
01.005 wus aloma[1] ya ing Gilingwêsi | duk samana udan salah măngsa | linud ing barat agêdhe | carat taun tumurun | lan grahana surya myang sasi | kumukus punang lintang | rêngka ingkang gunung | padha lèngsèr alorodan | iya iku turuning dahana siti | dahat tutur kang awal ||
01.006 Bathara Brama aputra èstri | kang anama kinèn akramaa | kang putra dening ramane | Yyang Tritustha puniku | Parikêna putrane rèki | nulya putra Bagawan | Manukmanasèku | Manukmanasa aputra | pan Tundrêma anulya aputra Sakri | aputra Palasara ||
01.007 nulya putra Biyasa puniki | nulya putra Pandhu Dewanata | ing Ngastina nêgarane | ing Ngastina puniku [[f. 4r]: puni...ku] | sajênênge Kurawa èsthi | nêgaranipun rêngka | ing Mêdhang puniku | dadya jawah salah măngsa | sudama kèh kumukus darajat nagri | Pandhuputra Pandhawa ||
01.008 Arjuna putra Bimanyu singgih | nulya putra Parikêsit rannya | putra Yudayana rane | Yudayana asunu | Gêndrayana putrane rèki | nama Sang Jayabaya | kala jênêngipun | nênggih nagarane rêngka | kèh katingal jarajate nulya siwi | Aji Jayamijaya ||
01.009 Jayamijaya putrane rèki | Jayamisena nulya pêputra | Kusumawicitra rane | Sumacitra asunu | Citrasoma nulya asiwi | kang aran Păncadriya | anulya sêsunu | Alindriya nuli putra | ingkang nama Raja Selacala uni | nagri Purwacarita ||
01.010 ya ing Mêdhang Andongijo iki | nênggih nulya nêgarane rêngka | ya ing Mêdhangkawitane | ingkang kapindho iku | Sri Mapunggung pêpatihnèki | kang aran Jugulmudha | Sri Mapugung[2] sunu | awasta Sri Kêndhiawan [[f. 4v]] | pêpatihe awasta Kunthara luwih | sutane Jugulmudha ||
01.011 Kandhiawan lima putranèki | pabayune[3] Ki Panuwun rannya | among tani pakaryane | Sandhanggarba panggulu | pan adagang pakaryannèki | Karungkala panêngah | ngalap karyanipun | sumêndhi Pêtungmalarat | pakaryane andèrès putra wuragil | Rêsi Kandhayu rannya ||
01.012 wontên paseban karêmênnèki | putra lima jinênêngkên nata | Kêndhayu ratu tanine | ing sabên mangsanipun | apan nênggih ngaturi pari | Ki Sandhanggarba dadya | ratu dagang iku | pan awisma ing Japara | Karungkala ratu tuwaburu singgih | wismane Sundharowang ||
01.013 iya Ratu Baka iku singgih | Pêtungmalarat ya dadya nata | ing wong karya jagal mangke | miwah wong Kalang iku | angaturi pagêbêr uni | wong jagal pinundhutan | sami atur-atur | mring Sang Sri Kandhayu ika | kang jumênêng ratu anèng Mêdhangwilis | anggêntosi kang rama ||
1–2 dari 206

 


alama (dan di tempat lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 1.5.1). (kembali)
Mapunggung. (kembali)
pambayune (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)