Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 42
1–2 dari 206
6–15 dari 2.053
| 01.006 | Bathara Brama aputra èstri | kang anama kinèn akramaa | kang putra dening ramane | Yyang Tritustha puniku | Parikêna putrane rèki | nulya putra Bagawan | Manukmanasèku | Manukmanasa aputra | pan Tundrêma anulya aputra Sakri | aputra Palasara || |
| 01.007 | nulya putra Biyasa puniki | nulya putra Pandhu Dewanata | ing Ngastina nêgarane | ing Ngastina puniku [[f. 4r]: puni...ku] | sajênênge Kurawa èsthi | nêgaranipun rêngka | ing Mêdhang puniku | dadya jawah salah măngsa | sudama kèh kumukus darajat nagri | Pandhuputra Pandhawa || |
| 01.008 | Arjuna putra Bimanyu singgih | nulya putra Parikêsit rannya | putra Yudayana rane | Yudayana asunu | Gêndrayana putrane rèki | nama Sang Jayabaya | kala jênêngipun | nênggih nagarane rêngka | kèh katingal jarajate nulya siwi | Aji Jayamijaya || |
| 01.009 | Jayamijaya putrane rèki | Jayamisena nulya pêputra | Kusumawicitra rane | Sumacitra asunu | Citrasoma nulya asiwi | kang aran Păncadriya | anulya sêsunu | Alindriya nuli putra | ingkang nama Raja Selacala uni | nagri Purwacarita || |
| 01.010 | ya ing Mêdhang Andongijo iki | nênggih nulya nêgarane rêngka | ya ing Mêdhangkawitane | ingkang kapindho iku | Sri Mapunggung pêpatihnèki | kang aran Jugulmudha | Sri Mapugung[1] sunu | awasta Sri Kêndhiawan [[f. 4v]] | pêpatihe awasta Kunthara luwih | sutane Jugulmudha || |
| 01.011 | Kandhiawan lima putranèki | pabayune[2] Ki Panuwun rannya | among tani pakaryane | Sandhanggarba panggulu | pan adagang pakaryannèki | Karungkala panêngah | ngalap karyanipun | sumêndhi Pêtungmalarat | pakaryane andèrès putra wuragil | Rêsi Kandhayu rannya || |
| 01.012 | wontên paseban karêmênnèki | putra lima jinênêngkên nata | Kêndhayu ratu tanine | ing sabên mangsanipun | apan nênggih ngaturi pari | Ki Sandhanggarba dadya | ratu dagang iku | pan awisma ing Japara | Karungkala ratu tuwaburu singgih | wismane Sundharowang || |
| 01.013 | iya Ratu Baka iku singgih | Pêtungmalarat ya dadya nata | ing wong karya jagal mangke | miwah wong Kalang iku | angaturi pagêbêr uni | wong jagal pinundhutan | sami atur-atur | mring Sang Sri Kandhayu ika | kang jumênêng ratu anèng Mêdhangwilis | anggêntosi kang rama || |
| 01.014 | Rêsi Kandhayu lima [[f. 5r]] putrèki | pabayun èstri ayu warnanya | Ni Rara Suci wastane | Ki Lêmbu Amiluhur | panggulune panêngahnèki | Lêmbu Mardadu rannya | sumêndhi ranipun | iya Ki Lêmbu Pangarang | warujune Lêmbu Amarjaya uni | kacarita sêmana || |
| 01.015 | Ki Lêmbu Miluhur dadya aji | Ngandongijo Lêmbu Mardadunya | ing Kadhiri nagarane | Pangarang nagrinipun | ing Gêgêlang ing Singasari | Ki Lêmbu Amijaya | dening kang waruju | wuragile Prêgiwăngsa | ing Koripan Lêmbu Amiluhur siwi | Rahadèn Kapirembang || |
1–2 dari 206
| 1 | Mapunggung. (kembali) |
| 2 | pambayune (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |