Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 42
1–2 dari 206
9–18 dari 2.053
01.009 Jayamijaya putrane rèki | Jayamisena nulya pêputra | Kusumawicitra rane | Sumacitra asunu | Citrasoma nulya asiwi | kang aran Păncadriya | anulya sêsunu | Alindriya nuli putra | ingkang nama Raja Selacala uni | nagri Purwacarita ||
01.010 ya ing Mêdhang Andongijo iki | nênggih nulya nêgarane rêngka | ya ing Mêdhangkawitane | ingkang kapindho iku | Sri Mapunggung pêpatihnèki | kang aran Jugulmudha | Sri Mapugung[1] sunu | awasta Sri Kêndhiawan [[f. 4v]] | pêpatihe awasta Kunthara luwih | sutane Jugulmudha ||
01.011 Kandhiawan lima putranèki | pabayune[2] Ki Panuwun rannya | among tani pakaryane | Sandhanggarba panggulu | pan adagang pakaryannèki | Karungkala panêngah | ngalap karyanipun | sumêndhi Pêtungmalarat | pakaryane andèrès putra wuragil | Rêsi Kandhayu rannya ||
01.012 wontên paseban karêmênnèki | putra lima jinênêngkên nata | Kêndhayu ratu tanine | ing sabên mangsanipun | apan nênggih ngaturi pari | Ki Sandhanggarba dadya | ratu dagang iku | pan awisma ing Japara | Karungkala ratu tuwaburu singgih | wismane Sundharowang ||
01.013 iya Ratu Baka iku singgih | Pêtungmalarat ya dadya nata | ing wong karya jagal mangke | miwah wong Kalang iku | angaturi pagêbêr uni | wong jagal pinundhutan | sami atur-atur | mring Sang Sri Kandhayu ika | kang jumênêng ratu anèng Mêdhangwilis | anggêntosi kang rama ||
01.014 Rêsi Kandhayu lima [[f. 5r]] putrèki | pabayun èstri ayu warnanya | Ni Rara Suci wastane | Ki Lêmbu Amiluhur | panggulune panêngahnèki | Lêmbu Mardadu rannya | sumêndhi ranipun | iya Ki Lêmbu Pangarang | warujune Lêmbu Amarjaya uni | kacarita sêmana ||
01.015 Ki Lêmbu Miluhur dadya aji | Ngandongijo Lêmbu Mardadunya | ing Kadhiri nagarane | Pangarang nagrinipun | ing Gêgêlang ing Singasari | Ki Lêmbu Amijaya | dening kang waruju | wuragile Prêgiwăngsa | ing Koripan Lêmbu Amiluhur siwi | Rahadèn Kapirembang ||
01.016 iya Panji pangaptine iki | garwanira putri ing Mêmênang | nulya wêka lanang mangke | Laleyan aranipun | apêputra Banjaransari | ngadêg Mêdhangkamolan | kaping tiga iku | nulya nêgarane rêngka | gêring bangêt wirang musna sing nêgari | sakathile kêncana ||
01.017 mangilèn tapa jro guwa uni | duk sêmana nora nana nata | Gumuk Umbul bae rane | ênêngna kang winuwus | rêrusuhan [[f. 5v]: rê...rusuhan] ing tanah Jawi | rêbat angkah-piyangkah | agêmpur-ginêmpur | sadhenga rosa kèringan | duk sêmana bang kulon ana wong luwih | wismane Sukapura ||
01.018 arosa kèringan tan awani | anak putune langkung akathah | Ki Pinituwa arane | angrudatin ing kalbu | dening nora aduwe aji | atapa nêdha dewa | lawan garwanipun | ana syara kapiyarsa | hèh lungaa ing jro guwa ana aji | jujungên[3] mutêr ing rat ||
1–2 dari 206

 


Mapunggung. (kembali)
pambayune (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
junjungên (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)