Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 42
16–17 dari 206
155–164 dari 2.053
02.107 sang dyah angisêk-isêk anangis | dhuh mati katèngong | sanetya munaryatra tilame | muksa sang dyah tan bisa ningali | têmbe sang apêkik | kanyaran ing lulut ||
02.108 panangise lir pulung kapipit | lir sundari angrok | sang kakung nganti rakêt jajane | tan bosên angarasi panêpi | nêsêp-nêsêp lathi | asta ngrangkul gulu ||
02.109 jaka jêbug lawan prawan kêncing | padha sihe karo | kasaputan ing asmara radèn | sang dyah kapati tan kêna angling | syanita drês mijil | awra tibèng kasur ||
02.110 sang kakung awlas kasok ing rabi | sang dyah murca tinon | anungkêmi wadana kakunge | belakêna pun Banjaransari | sarta ngaras pipi | astane sinuwun ||
02.111 winardi asmara dyah anangis | sinampunan alon | sang dyah lêsu lir lupa jiwane | sang kakung wau tansah nungkêmi [[f. 22r]] | kepyan radèn dèwi | liniling tumungkul ||
02.112 êmbanira nèng jawining samir | atur toya bokor | liniling-lingling[1] sang dyah pangkone | wênês sira dewa pulang rêsmi | tan angling dyan dèwi | anglênggak ing bau ||
02.113 Banjaransari mulat ing rabi | ênting wlase tumon | kamanisên mulat ing janggane | anukêmi[2] amisik-misiki | kepyan radèn dèwi | angêsah angadhuh ||
02.114 Banjaransari lagya minjungi | rabine ing pakon[3] | sarya makoni sang dyah gêlunge | arsa sira dewa sun sirami | tur sarwi liningling | magut sang dewayu ||
02.115 sinambut sang dyah sarwi kakawin | syara manis awor | sarta winayangakên grahane | kang kinudang ujare wong iki | sagup[4] parêng mati | ing asmaraningsun ||
02.116 awasana sang dyah agitali[5] | sawêling mêngkono | kabèh iku ta ujare dhewe | gumujêng [[f. 22v]] Radyan Banjaransari | dhuh pangling pun dasih | dening bisa muwus ||
16–17 dari 206

 


1 liniling-liling (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.112.3). (kembali)
2 anungkêmi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
3 pangkon (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
4 sanggup (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.115.5). (kembali)
5 agitêli (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.116.1). (kembali)