Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2–3 dari 42
17–18 dari 206
166–175 dari 2.053
02.118 anungkêmi Dyan Banjaransari | tarima riningong | ing salulut ja walang driyane | binêktèng lêlangon dènnya ligih[1] | ing gêgilang nguni | ngayap para arum ||
02.119 sami kêsmaran mulat ing gusti | padha trêsna kang wong | nini rara ical têtunggone | manjing pura wus sinung kêkasih | Ni Asmarawati | kang anèng lêlangun ||
02.120 maharjaning paèse kang èstri | sarya tap sêsinom | sandyah[2] owêh pribadi sinjange | mèsêm Prabu Galuh amaoni | pinjunge sang dèwi | mugèng[3] jajanipun ||
02.121 punika ikang dipun waoni | sang ayu wandoh |[4] sang kakung [[f. 23r]] cinandhak jarijine | tinikêlakên sarwi anolih | ngadhuh sri bupati | Ni Asmara manggut ||
02.122 tulus rahadèn jumênêng aji | tansah mukti karon | kadya mimi kalawan garwane | para arum sadaya waradin | samya mukti sari | kawanuhan lulut ||
02.123 tansah kasukan siyang lan latri | lawan para sinom | kêna asmara palulut kabèh | radèn dèwi tuhu bêkti laki | sri bupati lami | jumênêng ing Galuh ||
02.124 nanging dèrèng korak ing nêgari | kithane tan katon | mukti sari nèng kadhaton bae | mila sang prabu sangêt prihatin | dèrèng darbe mantri | ênêngna winuwus ||
02.125 kang nèng jro guwa wus alami |[5] atapa punang wong | anak putune ngulari kabèh | Ki Satomi wus dèn nyana mati | kesahe wus lami | kasmaran ing ratu ||
3. Asmaradana
03.001 kunêng ta Kyai [[f. 23v]] Satomi | Nyai Satomi nèng guwa | amuji nêdha dewane | sakalangkung mating[6] raga | minta karaton Jawa | wontêna têtindhihipun | ayya jojit[7] kang buwana ||
03.002 tinarima dewa luwih | ya ta na syara kapirsa | hèh Satomi dipun age | kentara balia ngilyan | ing kono ana nata | manjinga alas ing Galuh | ing kono na nata wignya ||
17–18 dari 206

 


linggih (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
Bandingkan: sang dyah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.120.3). (kembali)
munggèng (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: sang dyah ayu wanoh. Bandingkan: sa [sang] dyah saya wanoh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.119.2). (kembali)
Kurang satu suku kata: kang anèng jro guwa wus alami. Bandingkan: kang nèng jro guwa sampun alami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.123.1). (kembali)
manting (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.1.4). (kembali)
jongjit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.1.7). (kembali)