Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2–3 dari 42
17–18 dari 206
167–176 dari 2.053
02.119 sami kêsmaran mulat ing gusti | padha trêsna kang wong | nini rara ical têtunggone | manjing pura wus sinung kêkasih | Ni Asmarawati | kang anèng lêlangun ||
02.120 maharjaning paèse kang èstri | sarya tap sêsinom | sandyah[1] owêh pribadi sinjange | mèsêm Prabu Galuh amaoni | pinjunge sang dèwi | mugèng[2] jajanipun ||
02.121 punika ikang dipun waoni | sang ayu wandoh |[3] sang kakung [[f. 23r]] cinandhak jarijine | tinikêlakên sarwi anolih | ngadhuh sri bupati | Ni Asmara manggut ||
02.122 tulus rahadèn jumênêng aji | tansah mukti karon | kadya mimi kalawan garwane | para arum sadaya waradin | samya mukti sari | kawanuhan lulut ||
02.123 tansah kasukan siyang lan latri | lawan para sinom | kêna asmara palulut kabèh | radèn dèwi tuhu bêkti laki | sri bupati lami | jumênêng ing Galuh ||
02.124 nanging dèrèng korak ing nêgari | kithane tan katon | mukti sari nèng kadhaton bae | mila sang prabu sangêt prihatin | dèrèng darbe mantri | ênêngna winuwus ||
02.125 kang nèng jro guwa wus alami |[4] atapa punang wong | anak putune ngulari kabèh | Ki Satomi wus dèn nyana mati | kesahe wus lami | kasmaran ing ratu ||
3. Asmaradana
03.001 kunêng ta Kyai [[f. 23v]] Satomi | Nyai Satomi nèng guwa | amuji nêdha dewane | sakalangkung mating[5] raga | minta karaton Jawa | wontêna têtindhihipun | ayya jojit[6] kang buwana ||
03.002 tinarima dewa luwih | ya ta na syara kapirsa | hèh Satomi dipun age | kentara balia ngilyan | ing kono ana nata | manjinga alas ing Galuh | ing kono na nata wignya ||
03.003 kèringan rat tanah Jawi | tur asakti mahabara | angadêg karsane dhewe | ambondhan jlêg tanpa sangkan | ratu ambêk sudarma | trus kusuma rêmbês madu | iya Galuh kuthanira ||
17–18 dari 206

 


1 Bandingkan: sang dyah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.120.3). (kembali)
2 munggèng (dan di tempat lain). (kembali)
3 Kurang satu suku kata: sang dyah ayu wanoh. Bandingkan: sa [sang] dyah saya wanoh (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.119.2). (kembali)
4 Kurang satu suku kata: kang anèng jro guwa wus alami. Bandingkan: kang nèng jro guwa sampun alami (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.123.1). (kembali)
5 manting (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.1.4). (kembali)
6 jongjit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.1.7). (kembali)