Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
2 dari 42
6–7 dari 206
59–68 dari 2.053
| 02.011 | nini rara matur wali-wali | dinulu sang anom | lamun suwung kantun pramanane | anjrit ni rara sumungkêm siti | sambat ngasih-asih | tan nyana gusti sun || |
| 02.012 | dhuh sun nyana kêna sun ngèngèri | wong abagus anom | tan kawarna akathah sambate | eman têmên atêmahan lalis | patut dadi aji | sineba wong agung || |
| 02.013 | nêngna kocapa Banjaransari | lumêbu kadhaton | alam sêkawan jinajah [[f. 12r]: ji...najah] kabèh | kandhêg wijil pisan aningali | wanodya linuwih | nèng palangkan lungguh || |
| 02.014 | ingayap wanodya kalih biting | ayune kinaot | Rêtna Angrayung Wulan arane | Banjaransari dipun aturi | tumurun ngabêkti | mèsêm sarya mundur || |
| 02.015 | sangêt bineka Banjaransari | adhuh gustiningong | pinarêka ja lunga sing kene | anging dika yugya sun ngèngèri | mèsêm sarya angling | Dyan Banjaransantun || |
| 02.016 | ingsun yayi arsa manjing puri | agampang ing wiyos | Rayungwulan asêndhu saure | dening daya arsa dèn liwati | yèn tan wruh ing wangsit | kori kang sun tunggu || |
| 02.017 | angandika Dyan Banjaransari | eka tunggal mangko | kuda angrap yayi pandêngane | adhuh iki ratu ing sabumi | èstu gusti mami | kawula tumutur || |
| 02.018 | wis karia aja ngrêregoni | radyan lumakyalon | dungkap kori ping kalih lampahe [[f. 12v]: lampah...e] | kandhêg anon wanodya di luwih | lênggah kathil gadhing | ngayap dyah rongatus || |
| 02.019 | tumurun mèsêm Rêtna Suprêni | ambeka sang anom | rêtna dèwi êntèk tanagane | ngucap radyan sun arsa mring puri | matur Ni Suprêni | ingsun nora asung || |
| 02.020 | yèn tan wruh lukita kori kalih | wangsula sing kono | dwi roro kombang anglèng ta |[1] iku yayi sang dyah anungkêmi | adhuh ratu mami | kawulakna ingsun || |
6–7 dari 206
| 1 | Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu e. Bandingkan: dyi roro kombang anglèng tawange (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.20.3). (kembali) |