Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 42
7–8 dari 206
62–71 dari 2.053
02.014 ingayap wanodya kalih biting | ayune kinaot | Rêtna Angrayung Wulan arane | Banjaransari dipun aturi | tumurun ngabêkti | mèsêm sarya mundur ||
02.015 sangêt bineka Banjaransari | adhuh gustiningong | pinarêka ja lunga sing kene | anging dika yugya sun ngèngèri | mèsêm sarya angling | Dyan Banjaransantun ||
02.016 ingsun yayi arsa manjing puri | agampang ing wiyos | Rayungwulan asêndhu saure | dening daya arsa dèn liwati | yèn tan wruh ing wangsit | kori kang sun tunggu ||
02.017 angandika Dyan Banjaransari | eka tunggal mangko | kuda angrap yayi pandêngane | adhuh iki ratu ing sabumi | èstu gusti mami | kawula tumutur ||
02.018 wis karia aja ngrêregoni | radyan lumakyalon | dungkap kori ping kalih lampahe [[f. 12v]: lampah...e] | kandhêg anon wanodya di luwih | lênggah kathil gadhing | ngayap dyah rongatus ||
02.019 tumurun mèsêm Rêtna Suprêni | ambeka sang anom | rêtna dèwi êntèk tanagane | ngucap radyan sun arsa mring puri | matur Ni Suprêni | ingsun nora asung ||
02.020 yèn tan wruh lukita kori kalih | wangsula sing kono | dwi roro kombang anglèng ta |[1] iku yayi sang dyah anungkêmi | adhuh ratu mami | kawulakna ingsun ||
02.021 wis karia sun manjing ing puri | radyan lumakyalon | tri wijil prapta kandhêg lampahe | kang atêngga Tigaron kang nami | ayu kaduk manis | abala rongatus ||
02.022 ngêntèkkên tanaga angregoni | ngandika sang anom | ja na kono sun arsa ing mangke | manjing pura Ni Tigaron angling | dening daya iki | yèn wruh ing wuwus |[2]|
02.023 wastanana kang sun tunggu iki | tri têtêlu mangko | punang cebol anggayuh lintange [[f. 13r]] | iku yayi sang dyah anungkêmi | adhuh ratu mami | kang sun ayun-ayun ||
7–8 dari 206

 


Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu e. Bandingkan: dyi roro kombang anglèng tawange (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.20.3). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn tan wruh ing wuwus (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.22.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.22.6). (kembali)