Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 42
8–9 dari 206
74–83 dari 2.053
02.026 lêmbu anusu ing anaknèki | sumungkêm sang wadon | adhuh ratuningsun salawase | radyan lajêng sang dyah atut wuri | pănca wijil prapti | angandhêg kang tunggu ||
02.027 kang awasta Rêtna Păncawati | anggubêl sang anom | sampun kentar yèn tan wruh candrane | angandika Dyan Banjaransari | pănca lima yayi | jong mot sagara gung ||
02.028 sang dyah angrakul[1] pada sarya ngling | adhuh ratuningong [[f. 13v]: ratuning...ong] | sampun nungkul dyan lajêng lampahe | sang dyah tut wuri prapta nêm kori | ingkang tunggu darmi | tan asung lumaju ||
02.029 ingkang aran Sara Sêdawati | rongatus ponang wong | yya lumaju gupitanên mangke | angandika Dyan Banjaransari | sad nênêm satyèki | glar pangonan iku ||
02.030 atut sabda Sara Sêdyawati | amawongan inge |[2] tut wuri radyan prapta lampahe | kori sapta kang tunggu kapanggih | Dèwi Saptawati | tan asung lumaju ||
02.031 rowange rongatus angadhangi | gupitanên mangko | Banjaransari alon dêlinge | sapta pitu iku ratu kalih | bratayuda sami | sang dyah awot santun ||
02.032 dyan lumaris sang dyah atut wingking | prapta kori mangko | Astha tan awèh kang tunggu mangke | Dèwi Asthawati angadhangi | rowange rong biting | ngandika sang bagus ||
02.033 astha walu bramana ngajawi | atut sang lir sinom | radyan lajêng [[f. 14r]: la...jêng] dyah tut wuri mangke | prapta lèng songa dipun adhangi | Rêtna Ăngkawati | balane rongatus ||
02.034 wastanana margane puniki | ngling Banjaransinom | nawa sanga kori mênga kabèh | tanpa ngucap Dèwi Ăngkawati | baya iki aji | kang ingayu-ayun[3] ||
02.035 de sang prabu rara rina wêngi | tut wuri sang sinom | sampun prapta sadasa regole | lêlêng[4] mangu Dyan Banjaransari | sadalu rarasing | ing tirta winangun ||
8–9 dari 206

 


angrangkul (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
Biasanya guru lagu o: ingong (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.30.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.30.2). (kembali)
ingayun-ayun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.34.6). (kembali)
lênglêng (dan di tempat lain). (kembali)