Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 42
10–11 dari 206
93–102 dari 2.053
02.045 têdhaking tapa ingsun tingali | kang jaja mancorong | nora kilap dyah rara tingale | nyata iki ingkang mutêr bumi | kalihnya kapati | samya angudang kung ||
02.046 yèn dede wonge ngambah ing ngriki | datan kêlar mangko | adangu nulya sang dyah dêlinge | teja sulêksana kusuma di | tejane wong bêcik | awuryyan[1] kadulu ||
02.047 pundi têdah pinăngka ing wingking | ngandika sang anom | ingsun gusti rumiyin purwane | nata Koripan Banjaransari | kusuma ran mami | mila ulun nglangut ||
02.048 iyèngsun yayi wirang kapati | duk nèng praja ingong | asêngara gêng gara-garane | wong ingsun gring esuk [[f. 15v]] sore mati | sore dènnya agring | esukipun lampus ||
02.049 ingsun ngaran ratu panas yayi | dèrèng krama ingong | ratu jaka agêng sêngarane | iya iku wirang ingsun gusti | dadya bonglot mami | saparan anglangut ||
02.050 angulari têtămbaning agring | adrapati ingong | nora etang kawula nah anggèr | baya mangke têtămbaning brangti | kusuma di puri | kang asung brangta kung ||
02.051 sang dyah angling kamangkara aji | manira têtakon | kari punika sampun mangsane | iya yayi bumi sunya ugi | gêmpang sêngaraning | panjênêngan ngratu ||
02.052 ing pundi patêmon putra-putri | yèn rina gring kang wong | lamun dalu larang pangan mangke | graitanên lamun sira apti | tulus dadya aji | iya yayi Galuh ||
02.053 ana padhang dudu padhang rawi | ana pêtêng mangko | iya dudu pêtênge wêngine | sajro [[f. 16r]] sagara datanpa têpi | iku gone panggih | jro sagara madu ||
02.054 sang dyah kacina tan kêna angling | lumayu angulon | Banjaransari ngetan parane | sang dyah kapêthuk ngalor dèn ungsi | Dyan Banjaransari | parane angidul ||
10–11 dari 206

 


kawuryyan. (kembali)