Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 42
11–12 dari 206
109–118 dari 2.053
02.061 Radyan Banjaransari lumaris | kapanggih sang wadon | anjênêng maharjaning sampure | rêsmining dyah lir padapèng ngrawit | amaoni sari | citrane dèn bawur ||
02.062 nora lyan kang dèn rasani malih | dening sakèhing wong | Banjaransari tansèng wuwuse | mapan sapolahe èsmu manis | dyan saksana prapti | sang paraning lulut ||
02.063 ampingan Dyan [[f. 17r]] Sang Banjaransari | umung bramana wor | kadya warah ing prapta ênggène | sang dyah anolih amapag liring | lir madu lan gêndhis | rinatus lan juruh ||
02.064 sang lagi prapta maras muragi | amingkis wastra lon | lir kagunturan madu ciptane | wus awas nulya amarêpêki | tumurun sang dèwi | sing plangkan lumungsur ||
02.065 cinandhak sang dyah sun lir mêmanggih | yyang-yyanging kalangon | baya martani brangtaning ngame | dening lawas ayya sira kikin[1] | sang dyah tan kêna ngling | tyasira gêgêtun ||
02.066 tan sipi trêsnani ing ati |[2] karasèng tyas mangko | nanging maras dèrèng wruh polahe | ngusya alon awêtu tangis |[3] sang prapta ngrêngrêmih | lagya angusyèng rum ||
02.067 winawang-wangwang sang raja dèwi | dyah priyêmbada lon | dutaning rat idhêpên sun anggèr | lir amanggih rêtna sasrèng puri | ciptaningsun ari | kagunturan madu [[f. 17v]] ||
02.068 wijiling sabda nrang madu gêndhis | angaras madya lon | sang dyah kepyan dadya drês waspane | lumungsur sing pangkon arsa ngêdohi |[4] sang kakung ngrakêti | pan sarya angrungrum ||
02.069 adhuh dewaningsun ayya nangis | eman sang lir layon | lindrining liring imbah manise | ruming sari sidyaning klas asih | kaya tanna tandhing | sêngkara lan juruh ||
02.070 baya sapira laraning brangti | kang ketang sang among | kagêngan lara tasmara[5] tyase | yèn kasamramrên[6] tur ingsun yayi | lir kunarpa manggih | juwitaning tanu ||
11–12 dari 206

 


kingkin. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan sipi trêsnanira nèng ati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 2.66.1); tan sipi trêsnanira ing ati (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.66.1). (kembali)
Kurang satu suku kata: angusya alon awêtu tangis. Bandingkan: anguswa gon awrat sêmu tangis (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.66.4). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: lumungsur pangkon arsa ngêdohi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 2.68.4). (kembali)
asmara. (kembali)
kasamarên. (kembali)