Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
25–26 dari 42
125–126 dari 206
1.245–1.254 dari 2.053
25.041 ăngka sapta dadi wani sêngkalannya |[1] wau radèn ngabèi | waos tiningalan | bêngkung punggêl sabêras | gagêtunira tan sipi | kang bangkat karya | wau Radèn Ngabèi ||
25.042 nulya prapta Ki Mataun sêdya bela | ngamuk dipun tadhahi | ki tumênggung pêjah | murdanira tinigas | pinanjêr pinggiring kali | gêgaman Jipang | ing wuri samya prapti ||
25.043 winêtawis untabe ana salêksa | sêdya tulung ing gusti | nèng wetan bêngawan | mirsa gustinya pêjah | ngandika Radèn Ngabèi | Salèringpasar | sarya ngawe [[f. 160r]] astèki ||
25.044 tingalana wong Jipang patihmu pêjah | sara[2] rêbut punapi | kudu milu bela | ki rupane dhasira | Tumênggung Mataun un uni |[3] rêbutên egal | yèn wani brăngta kingkin ||
26. Asmaradana
26.001 sapa milu bela iki | apan ta wong cilik sira | bulah iki pêpatihe | milu mukti awibawa | wong Jipang samya rêmbag | atêluk nyabrang sadarum | angaturakêk[4] bongkokan ||
26.002 dhumatêng radèn ngabèi | sampun dalu masanggrahan | ya ta agunêm wiraos | Ki Juru alon angucap | manira darbe rêmbag | Ar Jipang patènipun |[5] putranira ing sal |[6]|
26.003 yèn katura putra mami | acilik gancaranira[7] | nora tămpa ganjarane | nora liwat kampuh reyal | sakêthi dastun kathah | yèn para wong roro ngaku | pasthi ginanjar nagara [[f. 160v]] ||
26.004 ing Pathi lawan Mêtawis | Ki Panjawi alon ngucap | lêrês saking kakang mangke | angucap Ki Pamanahan | anêr pakanira |[8] sunan wus ubaginipun[9] | yakti tinagih ing prana ||
26.005 dèn sambat yayi Pêjawi[10] | patine Ki Arya Jipang | nedha ingangkên wong loro | rêmbag tan suwala ujar | dèn bèi tan lênggana | enjing bubar gaman têmpur | gaman Jipang binokokan ||
26.006 Bêngawan Sore kawuri | adawa lamun winarna | prapta Pajang ta lampahe | saking gancanging pawarta | wus katur Sunan Pajang | Ki Pamanahan wus mundur | mênang prang bêdhah ing Jipang ||
125–126 dari 206

 


1 Tanggal: ăngka sapta dadi wani (S 147[1]). Tahun Masehi: 1549–50. Watak bilangan kata "ăngka" dalam sangkala ini kurang jelas. Bandingkan: iku sapta hèr nabi (S 1471) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.55.7); wiku sapta hèr nabi (S 1477). Tahun Masehi 1555–6 (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 5.43.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 45.37.7); rupa pandhita karya tumêkèng nabi (S 1471) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 19.54.7). (kembali)
2 sira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 25.44.2). (kembali)
3 Lebih satu suku kata. Bandhingkan Tumênggung Mataun uni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 25.44.5). (kembali)
4 angaturakên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.1.7). (kembali)
5 Kurang satu suku kata. Bandingkan: Arya Jipang patinipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.2.6). (kembali)
6 Kurang dua suku kata. Bandingkan: putranira ikang angsal (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.2.7). (kembali)
7 ganjaranira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.3.2). (kembali)
8 Kurang satu suku kata. Bandingkan: abênêr pakanira (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.4.5). (kembali)
9 ubangginipun (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.4.6). (kembali)
10 Pênjawi. Bandingkan: Panjawi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 26.5.1). (kembali)