Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
27 dari 42
130–131 dari 206
1.297–1.306 dari 2.053
| 27.022 | Ki Gêdhe Karanglo gêpah | dènnya asêgah sarimbit | prapta nulya uluk salam | sampun atata alinggih | langkung dènnya mrih sih |[1] Ki Gêdhe Karanglo matur | kawula atur sêgah | sêkul sananjung puniki | tanpa ulam sampun kirang pangapura || |
| 27.023 | inggih Ki Bayi anêdha | sêksana sami [[f. 167r]: sa...mi] abukti | jangan mênir adunira | kalawan pêpêcêl pitik | dènnya dhahar sakolih | mapan atuwuk sadarum | ri sampuning adhahar | Kyai Pamanahan angling | ging[2] Ki Bayi Taji sun kapiutangan || |
| 27.024 | manawi têmbe manira | inggih asagêda mangsuli |[3] kang dhawuh sih pêkênira | mangrapa Karanglo angling | tan kenging matur gusti | mangkat Kya Manahan iku | saanak rayatira | Gêdhe Karanglo umiring | sêdya ngatêrakên dhatêng ing Mêtaram || |
| 27.025 | dènnya minta sih kalintang | wontên karaosing galih | anging ta têmbe wontêna | anênggih ingarsa-arsi[4] | nêngna ingkang winuni | Sunan Kalijaga wau | ingkang lagya asiram | ing Lèpèn Upak anuli | Kyai Pamanahan mlajêngi gurunya || |
| 27.026 | sapraptane atur sêmbah | suku têngên dèn wisuhi | dening suku ingkang kiwa | wau ingkang [[f. 167v]: ing...kang] amisuhi | Ki Gêdhe Karanglo i- | ngandika ingkang sinuwun | alah ta pirsakêna | Karanglo milua mukti | nèng nagari Mataram saturunira || |
| 27.027 | anging sira nora wênang | sinêbut êmas ing mangkin | lawan radèn iku iya | tan kêna saturunnèki | iku dèn èngêt benjing | ing saturunira iku | sampunnya angandika | ing mangke sang maha yakti | kinèn lajêng lampahe Ki Pamanahan || |
| 27.028 | sakathahe para putra | lan Ki Juru Amartani | tumut sira têtaruka | ya ta sangsaya awarni | malah dados pêpengin | pasang rakite dinulu | wau ingkang pemahan | kacaryan sing ngong ningali | mapan damêl pasar mangke nuli dadya || |
| 27.029 | saya gêng pasar kasrusra[5] | datan mangke dèn puponi | marmitanya gêng kalintang | dènnya dhêkah saya lami [[f. 168r]] | Ki Pamanahan uni | anèng nagri ing Matarum | sinêbut ing akathah | Kyai Agêng ing Matawis | tulus bêras pari murah kang tinumbas || |
| 27.030 | mila kapala kasimpar | pala kapêndhêm ya dadi | pala gumantung akathah | anêdhêng samya ngêmohi | kya agêng arsa nangkil | atata rêmbatanipun | enjang bubar gancangan | ing margi nginêp sawêngi | enjang gancang mila nêlêk ing lampah |[6]| |
| 27.031 | mirsa warta Sunan Pajang | arsa seba dhatêng Giri | kawarnaa Sunan Pajang | duk aseba dhatêng Giri | karsanya nuwun idi | para bupati tut pungkur | arsa jumênêng sultan | Kyai Gêdhe ing Matawis | tumut ngiring Sunan Pajang praptèng Arga || |
130–131 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lakung dènnya amrih sih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.22.5). (kembali) |
| 2 | gih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.23.9). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: igih asagêd mangsuli (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.24.2). (kembali) |
| 4 | ingarsi-arsi. (kembali) |
| 5 | kasusra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.29.1). (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: enjang gancang mila anêlêk ing lampah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.30.9). (kembali) |