Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
27 dari 42
134–135 dari 206
1.335–1.344 dari 2.053
27.060 anadene pêkênira | Kae Juru Amartani | ingkang yoga amomonga | ing putrèngsun Senapati | aja seba mariki | yèn durung jangkêp sataun | gêmaha ing Mataram | yèn uwis sataun kaki | asebaa sirèng nêgara ing Pajang ||
27.061 wis ta sira lah muliha | marang nêgara Mêtawis | Senapati Ing Ngalaga | sumungkêm sirèng ngabêkti | sarta kang rayi-rayi | mring sultan sampun tinundhung | jêngkar kang siniwaka | wus malêbêt dalêm puri | kawarnaa Senapati Ing Ngalaga ||
27.062 lajêng saking pasewakan [[f. 173r]: pase...wakan] | para sêntana angiring | mantuk dhatêng ing Mataram | datan kawarna ing margi | wus rawuh ing Matawis | mapan ta sampun misuwur | Ngabèi Loringpasar | ye[1] sampun jinunjung linggih | wus jumênêng Senapati Ing Ngalaga ||
27.063 sêmana kang saya gêmah | punang nêgari Mêtawis | mirah kang saryya tinumbas | eca manahing wong cili | nêdhêng kang pala dadi | tulus kang saryya tinandur | mapan toya tumumpang | arata toyanya wêning | saya kathah ajêjêl ingkang pemahan ||
27.064 tan ana siti kang bêra | binabadan ing wong cili | kang simpar dadi apelag | kalangkung dadi pêpengin | akathah kang wong prapti | karasan tan arsa mantuk | dadi awisma pisan | karasan anèng Mêtawis | datan pêgat têtiyang akarya wisma ||
27.065 mapan tanah ing Mataram | nêgara êloh [[f. 173v]: ê...loh] jinawi | pasir awukir abandar | siti gêsik toya wêning | têgal wona darbèni | sami pangling kang andulu | karuwun dening wona | mangke ta dadi nêgari | nora pilih kang wisma sami karasan ||
27.066 pan sampun jangkêp sawarsa | jênêngira Senapati | Angalaga Ing Mataram | kacaryyan ing wong amukti | ingkang tansah pawarti | tan lyan Kiai Juru |[2] ingkang ngatag aseba | mapan wus sataun mangkin | asebaa anggèr dhatêng Sultan Pajang ||
27.067 Senapati Ing Ngalaga | wuwuse anyamayani | ing benjang manira seba | yèn ana putusan prapti | dhumatêng ing Matawis | angandika Kyai Juru | pundi wontên kawula | nganti utusaning gusti | pêkênira pan sampun sinung sêmaya ||
27.068 sataun kinèn aseba | de ramanira narpati | manira nyawa wong tuwa | katon nora [[f. 174r]: no...ra] mituturi | mila tansah sung peling | iya ngong sungkan kasêbut | wong tuwa tan pung[3] warah | mila juwêt angaturi | langkung ewuh wong kinarya matapita ||
27.069 lan malih parentahira | mila juwêt angaturi | sami kita sungi karya | nyithak karya bata putih | pan ora wande benjing | pawarta puniku katur | dhatêng ing Sultan Pajang | dening ta akathah prapti | wong ing Pajang dagang layar mring Mataram ||
134–135 dari 206

 


yèn (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.62.8). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan lyana Kiyai Juru (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.66.6); apan wus Kiyai Juru (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 21.112.6). (kembali)
sung (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.68.7). (kembali)