Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
27 dari 42
129 dari 206
1.281–1.290 dari 2.053
| 27.006 | sungêna mring kakangira | padêdesan ing Matawis | Sunan Pajang atur sêmbah | sumăngga ing asta kalih | lah andika tampèni | padhusunan ing Matarum | anging ta taksih wona | Kyai Pamanahan tampi | ing Mataram wau kang dados ganjaran || |
| 27.007 | panêmbahan angandika | alah ta ki jêbèng uwis | muliha marang Mêtaram | boyonga saanak rabi | manira angamini | tulusêna asadulur | alah samya karia | manira pan [[f. 164v]: pa...n] arsa mulih | apan sami atur sêmbah sunan kentar || |
| 27.008 | saungkure panêmbahan | Pamanahan amit mijil | mantuk dhatêng wismanira | kapanggih kalih nak rabi | pêpak sarayatnèki | apagunêman sadalu | lan Ki Juru wus rêmbag | arsa boyong mring Matawis | Ki Pamanahan putra nênêm winarna || |
| 27.009 | pan sampun sami akrama | kang jalu miwah kang èstri | èstri kalih catur lanang | sêmana sampun alami | samya pêputra èstri | Dèn Ngabèi kang prêmbayun | tan wruh kang nom kang tuwa | kêkasihipun duk alit | Radèn Jambu Radèn Santri kang satunggal || |
| 27.010 | Radèn Tempe[1] sêkawannya | kalih èstri wus akrami | angsal Ki Tumênggung Mayang | kang pamêkas wus akrami | angsal Arya Dhadhaptulis |[2] Sunan Pajang mantrinipun | sami nutkên lakinya | datan tumut karsanèki [[f. 165r]: karsanè...ki] | mring kang rama dhatêng nêgari Mataram || |
| 27.011 | enjing wus samya adandan | karsanira atur pamit | dhatêng Susunan ing Pajang | kang putra sami angiring | miwah Radèn Ngabèi | Lèringpasar ingkang sêpuh | rawuh ing panangkilan | Sunan Pajang mangkya mijil | putranira Ki Pamanahan agantya || |
| 27.012 | ngujungi Susunan Pajang | miwah Rahadèn Ngabèi | lan kang rayi rêrangkulan | Pangeran Bênawa nangis | Radèn Ngabèi angling | dhuh pun kakang arsa mantuk | dhatêng nagri Mêtaram | yayi mas andika kari | ngong tur pamit matur Pangeran Bênawa || |
| 27.013 | mlasasih asêmu waspa | dhuh kakang sampun alami | nuntên paduka wangsula | tan bêtah pisah ngong lami | lan paduka sun iki | kakang paran polah ulun | matur Ki Pamanahan | mring Sunan Pajang [[f. 165v]: Pa...jang] tur pamit | inggih kakang sami-sami sêlamêta || |
| 27.014 | kang kari lan kang lumampah | samya uluk salam nuli | Kya Juru ya uluk salam | mring sunan ngaturi paksi | Ki Pamanahan nuli | lèngsèr ngiring putranipun | ngadhaton Sunan Pajang | warnanên kang sampun mijil | sing pasowan wus prapta ing dalêmira || |
| 27.015 | sapraptanira ing wisma | atata samya alinggih | warnanên wau kang prapta | putrane èstri kêkalih | arsa ngaturkên bakti | dhumatêng ing ramanipun | Kyai Pamanahan |[3] kang putra kalih ngabêkti | pan sumungkêm ing pada asêmu waspa || |
129 dari 206
| 1 | Tompe (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.10.1). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sal Arya Dhadhaptulis (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.10.5). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wau Ki Pamanahan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 27.15.7). (kembali) |