Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 42
136–137 dari 206
1.359–1.368 dari 2.053
| 28.013 | duta kalih sinauran angling | Senapati maksih nitih kuda | matura ing sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap suta maring wang |[1] lawan rabènipun | mangan nginum sun ingatag | mêmarèni apan kêna ingsun maksih | doyan nginum amangan || |
| 28.014 | ingsun kinèn mêmarèni iki | akurisa mapan rema ămba | tuwuh sadawane dhewe | pagene yèn cinukur | salah sêdya ulun puniki | têka para mantuka | matura sang ulun | yèn mêngko ujar ingwang |[2] Wilamarta Ki Wugil amit mulih |[3] mring Pajang ugya [[f. 177r]: u...gya] prapta || |
| 28.015 | pan tumama dhatêng byantara glis | wus cumundhuk ing ngarsa sang nata | mangusapi ing lêbune | ing suku sang wus lungguh | maangrêpa ngling sang duta ji | Sutawijaya kita | ubanggi nguni sun | kinèn rumiyin lumampah | anèng wuntat datatita nglinging nguni | Sang Senapati Nglaga || |
| 28.016 | ri sêdhêng anèng wismane angling | Kyai Juru Senapati Nglaga | kaya pa puniku rèhe | ingandikan sang prabu | boya mangkat yèn mangke prapti | tan wande mêmusuhan | angaturi ulun | kunêng kadipundi kita | mêmusuhan sintên tampènge kinardi | takut mantri Mataram || |
| 28.017 | yèn adunên lawan sang narpati | Sultan Pajang kawasa digdaya | têguh ngunjana kulite | têlik wetan dhusthèku | ing byantara tan tumama ji | kapanggih sirèng nendra | têlik sarêng nuduk | sultan sakeca anendra | panuduke tibane [[f. 177v]: ti...bane] lir lalêr mampir | tan têrus kampuhira || |
| 28.018 | punang garwa kagyat samya anjrit | pinarêbut kangjêng sultan kagyat | wungu ningali garwane | padha nangis gumrumung | anèng sikilira nêrpati | anarka yèn kabranan | malih cacahipun | ing Mataram nging wong dhomas | lan wong Pajang dudu timbanging yèn jurit | yakti kalah Mataram || |
| 28.019 | Pajang akèh wong Mataram kêdhik | yèn timbangên kalayan kang putra | timbang sèwuning pandume | Pangran Bênawa iku | radèn putra kang têlêng ing sih | bala kèhe salêksa | lirna para mantu | Adipati Dêmak bala | sangang èwu kang mantu Dipati Tubin | wolung èwu balanya || |
| 28.020 | ana lyan mantu putu Dipati | Bantên kalih patang èwu wongnya | wong Mataram dhomas kèhe | wêsi karyanên balung | lan têmbaga karyanên kulit | miwah otota [[f. 178r]] kawat | gêgala kang sungsum | tan wande rêmêk kang dhomas | balung pira kinrubut lir tigan ngapit | ing sela wong Mataram || |
| 28.021 | upama sela wong Pajang iki | yakti rêmak wadya ing Mataram | duren Pajang upamane | wadya Mataram timun | yakti rêmak dipun tindhihi | lir sasi wong Mataram | Pajang surya iku | sasi kucêm merang surya | merang maring ujyalane Sang Yyang Rawi | wong Mataram dahana || |
| 28.022 | wadya Pajang udan sing wiyati | niram gêni sayêktine pêjah | kadi punapi ta rèhe | unggyanira amungguh | Sultan Pajang Ki Senapati | lir nata kita dhawak | ngandêlkên yèn têguh | tan atandhing prakosanya | yèn ngabêna prang ge lyan pupya tanapi | kantaran bau lawan || |
136–137 dari 206
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: angalap suta mringwang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.13.6); angalap sutanira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.13.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.7.6); angalap gurtanira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.12.6). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn mêngkono ujar ingya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.14.8); yèn mêngkono ujar ingwang Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.14.8); yèn mêngkono ujar iwang Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.13.8); yèn mangkono atur ingwang (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.8.8). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Wilamarta Ki Wuragil amit mulih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.14.9). (kembali) |