Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
138–139 dari 206
1.374–1.383 dari 2.053
28.028 Senapati alara anangis | jroning nala mirsa ingkang paman | kabèh ing sawirayate | mapan Kiyai Juru | Amartani wutah dènnya ngling | Senapati Anglaga | angrêpa tumungkul | karaos yèn kalêrêsan | dyan sumilih Senapati ing Matawis | agya sira dan mojar ||
28.029 Kyai Juru paman Amartani | kadipundi ing rèh pêkênira | kang pundi [[f. 179v]] manira angge | kunêng wong dadi ratu | pan alumuh manira iki | seba ing Sultan Pajang | ing karsaning ulun | têtêpa anèng Mataram | têkèng[1] lena tumuruna sutèng mami | myang putu buyut canggah ||
28.030 Kyai Juru Amartani angling | prayogane wicara manira | nênêdhaa dipun age | maring Yyang dipun asru | dèn pratela sampun akêlir | gusti lawan kawula | dèn wruh tunggalipun | kang sinêmbah mapan Alah | kang anêmbah mapan ta iku atunggil | lir satu lan rimbagan ||
28.031 yèn wus awas sira ing Yyang Widi | pan têdhanên nagara ing Pajang | ngidhêpa mring kita kabèh | sakèhing pa ratu |[2] mapan kita dadia aji | sumiliha ing Pajang | gampangêna iku | pintanên maring Yyang Sukma | têmên-têmên idhêpa rasaning tunggil | cara carêm sarêmbat ||
28.032 kaping kalih mintaa mring aji | ramanira walêsên kewala | anti-antinên tatane | ana minta ing kawruh | selanira [[f. 180r]: sela...nira] mapan kaaksi | kaèksine mring sira | lah êndi pukulun | nging punapa pan nalika | laku linggih solah mona lawan muni | minăngka panêngêran ||
28.033 lamun kita aseba aisin | maring Pajang aminta nagara | lah têdhanên têkèng kene | dening doh parêkipun | lamun nyata wadya lan gusti | adoh tanpa wangênan | aparêk puniku | datanpa gêpokan sira | kanyatahan lir sarkara lawan manis | tan kengang pasahêna ||
28.034 mapan nyata hèh Ki Senapati | sami nunggil rasa lawan sultan | roro anunggal jatine | mapan tarkaning ulun | lamun sultan praptèng ing janji | dan panjênênganira | amangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | kang gêntèni panjênênganira aji | datan ana ing kita ||
28.035 nadyan kathah putrane sang aji | norana lyan kita kang atuwa | kinêmpit alit mulane | kang dadi manahipun [[f. 180v]] | nanging kita putra sajati | kang dadi pêngauban | sakèhe kang sunu | sultan cahyane nurbuat | wus angalih maring kita wus pinasthi | anggêntosi mring sultan ||
28.036 hèh Ki Senapati yèn wis olih | dènnya ujarira tri prakara | kang dhihini wong tuwane | wisdho[3] sabdaning guru | kaping tiga sabdaning gusti | mapan dadi satugal | mapan nora wurung | dènira jumênêng nata | nganti sangat sêlêkên nêdha Yyang Widi | kita asru ing brăngta ||
28.037 datatita kawarna ing nguni | kang kocapa Senapati ika | ing Mataram kadhatone | anggung mangan anginum | ing rahina anutug wêngi | lawan ingkang sêmitra | kèhnya wolung èwu | samya langkung ing Mataram | arsa seba ngaturakên bulu pêkti | dhatêng ing Sultan Pajang ||
138–139 dari 206

 


1 Variasi: [tÑ= [têkèng]. Bandingkan: te[k= (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.29.9). (kembali)
2 Kurang satu suku kata. Bandingkan: sakèhing para ratu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.31.4). (kembali)
3 pindho (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.36.4). (kembali)