Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
137–138 dari 206
1.366–1.375 dari 2.053
28.020 ana lyan mantu putu Dipati | Bantên kalih patang èwu wongnya | wong Mataram dhomas kèhe | wêsi karyanên balung | lan têmbaga karyanên kulit | miwah otota [[f. 178r]] kawat | gêgala kang sungsum | tan wande rêmêk kang dhomas | balung pira kinrubut lir tigan ngapit | ing sela wong Mataram ||
28.021 upama sela wong Pajang iki | yakti rêmak wadya ing Mataram | duren Pajang upamane | wadya Mataram timun | yakti rêmak dipun tindhihi | lir sasi wong Mataram | Pajang surya iku | sasi kucêm merang surya | merang maring ujyalane Sang Yyang Rawi | wong Mataram dahana ||
28.022 wadya Pajang udan sing wiyati | niram gêni sayêktine pêjah | kadi punapi ta rèhe | unggyanira amungguh | Sultan Pajang Ki Senapati | lir nata kita dhawak | ngandêlkên yèn têguh | tan atandhing prakosanya | yèn ngabêna prang ge lyan pupya tanapi | kantaran bau lawan ||
28.023 ramanira sultan ulun iki | kucêm merang ningali mring muka | mantri Pajang mendahane | kawarta ing lyanipun | tuwin nata sabrang [[f. 178v]] kang sêngit | samya mèsêm sadaya | de mungsuh sakuthu | yèn tinarka liyan nata | Senapati Ngalaga thèng bobotnèki | katuju wani pêrang ||
28.024 mungsuh yayah rasa tan madhani | dening sutèng amungsuh lan bapa | pêngrasane atèningong | yèn amungsuha ratu | kitha kang lyan manah tan gigrig | sapuluh Pajang gêngnya | mapan wani ulun | dadya jagat sabrang Jawa | amilua barêng mara sun tan gingsir | suka pêjah nèng rana ||
28.025 wus pantêse kinêmbulan jurit | ginarumung ngudanan sênjata | Ki Senapati dhèwèke | pêkênira amungsuh | Sultan Pajang kainannèki | jênêngan tri prakara | dhihin mungsuh guru | kaping kalih gustènira | kaping tiga kita mungsuh ing sudarmi | iya dudu kang yoga ||
28.026 nanging sasat bapa kala cili | kita kinêmpit ingambil putra | lir kaya guru sang rajèng | mapan kita [[f. 179r]: ki...ta] winuruk | ing agama duk kala akir | balèg putus ing rahsa | gya kita winuruk | karosan lan kadigdayan | aprang dibya kita anganbah[1] jaladri | tan kêlêm lir dharatan ||
28.027 ngabong tan gêsêng masalah ngèlmi | dadi mantri dipatya myang raja | pan winurukakên kabèh | miwah jroning kalbu |[2] maring kita ramanira ji | purwane kita wignya | sakti ngabêk[3] sadu | punapa pamalês kita | dhatêng sultan dan kita sampun asinggih | Makurat[4] bala dhomas ||
28.028 Senapati alara anangis | jroning nala mirsa ingkang paman | kabèh ing sawirayate | mapan Kiyai Juru | Amartani wutah dènnya ngling | Senapati Anglaga | angrêpa tumungkul | karaos yèn kalêrêsan | dyan sumilih Senapati ing Matawis | agya sira dan mojar ||
28.029 Kyai Juru paman Amartani | kadipundi ing rèh pêkênira | kang pundi [[f. 179v]] manira angge | kunêng wong dadi ratu | pan alumuh manira iki | seba ing Sultan Pajang | ing karsaning ulun | têtêpa anèng Mataram | têkèng[5] lena tumuruna sutèng mami | myang putu buyut canggah ||
137–138 dari 206

 


1 angambah (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.26.9). (kembali)
2 Kurang satu suku kata. Bandingkan: muwah sajroning kalbu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.27.4); wutah sajroning kalbu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.29.4); wus atas jroning kalbu (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.28.4). (kembali)
3 ambêk. (kembali)
4 Mangkurat. (kembali)
5 Variasi: [tÑ= [têkèng]. Bandingkan: te[k= (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.29.9). (kembali)