Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
135–136 dari 206
1.348–1.357 dari 2.053
28.002 Sultan Pajang ugya nèng sitigil | pan pinarêk anèng Sokasona | kêncana ana manike | dèn lêlèmèki babut | pan maliyo isine sari | cahyanira sang nata | lir wulan awêlu | sêdhênge wulan purnama | wadya anon akucêm mrêm ing ati |[1] dening sultan lir surya ||
28.003 Sultan Pajang sigra dènira ngling | marang wadya kang anèng ing ngarsa | sira angrênga wartane | Senapati putrèngsun | wus alami anèng [[f. 175r]] Mêtawis | dening lami tan seba | mapan wus sataun | sêmayanya wus kaliwat | iku nênggih malilange anèng langit | wulan wêlu purnama ||
28.004 ăngsa munya sêmayanya prapti | sang yyang surya mèh surupe ika | tunjung kuncup mêkar kabèh | mapan wus jangjènipun | iya nora kêna gumingsir | apa karane ika | sutèngsun tan rawuh | Senapati ing Mataram | sajatine kalawan ingsun ing nguni | dadya madayèng ujar ||
28.005 Ratu Pajang langkung dènnya sêkti | manahira lir ăngsa anglayang | muluk salat kahanane | jalma akêm puniku | kepyan kagyat sajroning galih | dening angrênga ujar- | ira sang pukulun | wadya matur sadayanya | lah sang nata kawula midhangêt warti | Risang Sutawijaya ||
28.006 kunêng ika aseba ing benjing | arsa balik malah sampun nyithak | adamêl kitha arahe [[f. 175v]] | binacingah puniku | Sultan Pajang sigra dènnya ngling | Ngabèi Wilamarta | Ki Wuragil iku | sira maringa Mataram | dèn waspada ing sapratingkahe uni | ing Sang Sutawijaya ||
28.007 dutanira kalih angusapi | ing suku sang duta mêsat |[2] akêbat ika lampahe | anitih kuda sampun | mring Mataram Ki Senapati | sunya dhatêng Lipura | duta karo nusul | mring Lipura dhatêng sigra | Senapati kapanggih sirèng alinggih | ing kuda acêcala ||
28.008 Kai Gêdhe Wuragil sira ngling | Angabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking jaran age | nimbalakên ing wuwus | Sultan Pajang mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | sigra mangke muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jêngandika arsa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga ||
28.009 maksih amanggung anitih waji | jêngandika dutanipun sultan | nistha ing mantri tandange | dening mudhun karuwun [[f. 176r]: ka...ruwun] | saking kuda kang dèn timbali | maksih anunggang jaran | jangandika[3] iku | tan prabeda lawan sultan | kang akèngkèn sarupa lan duta singgih | pan sampun rasa tugal ||
28.010 kyai gêdhe mangkya sira angling | lah Ngabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking waji age | nimbalakên pamuwus | kangjêng sultan mring Senapati | yèn wruha kang timbalan | rama ji pukulun | Senapatining Mataram | duta kalih pan kepyan saking ing waji | Senapati Ngalaga ||
28.011 mangsih amanggung anitih waji | Angabèi Wilamarta mojar | lah tan linyok ujar ingong | senapati pan wus wruh | yèn andika duta narpati | tan narka yèn mudhuna | saking kuda iku | pêkênira lan manira | tanduk mantri kanistha Ki Senapati | Angalaga ngandika ||
135–136 dari 206

 


1 Kurang satu suku kata. Bandingkan: wadya anon akucêm amrêm ing ati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.2.9); wadya anom akucêm amrêm ing ati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.2.9). (kembali)
2 Kurang dua suku kata. Bandingkan: lêbu ing suku sang duta mêsat (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.7.2); angusapi lêbu ing suku sang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.7.2); angusapi lêbu ing sukunya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.8.2). (kembali)
3 jêngandika (dan di tempat lain). (kembali)