Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 42
138–139 dari 206
1.380–1.389 dari 2.053
| 28.034 | mapan nyata hèh Ki Senapati | sami nunggil rasa lawan sultan | roro anunggal jatine | mapan tarkaning ulun | lamun sultan praptèng ing janji | dan panjênênganira | amangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | kang gêntèni panjênênganira aji | datan ana ing kita || |
| 28.035 | nadyan kathah putrane sang aji | norana lyan kita kang atuwa | kinêmpit alit mulane | kang dadi manahipun [[f. 180v]] | nanging kita putra sajati | kang dadi pêngauban | sakèhe kang sunu | sultan cahyane nurbuat | wus angalih maring kita wus pinasthi | anggêntosi mring sultan || |
| 28.036 | hèh Ki Senapati yèn wis olih | dènnya ujarira tri prakara | kang dhihini wong tuwane | wisdho[1] sabdaning guru | kaping tiga sabdaning gusti | mapan dadi satugal | mapan nora wurung | dènira jumênêng nata | nganti sangat sêlêkên nêdha Yyang Widi | kita asru ing brăngta || |
| 28.037 | datatita kawarna ing nguni | kang kocapa Senapati ika | ing Mataram kadhatone | anggung mangan anginum | ing rahina anutug wêngi | lawan ingkang sêmitra | kèhnya wolung èwu | samya langkung ing Mataram | arsa seba ngaturakên bulu pêkti | dhatêng ing Sultan Pajang || |
| 28.038 | Senapati ing Mataram angling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha mandhêga ing kene | payo mangan anginum [[f. 181r]: angi...num] | sabên dina ulun puniki | anyêkêli manjangan | sun karya anginum | tanapi banthèng maesa | sabên dina anyêkêl kidang lan kancil | tămbra ulam paraga || |
| 28.039 | ginulawêthah[2] sakèhing mantri | ingkang pantês binasanan paman | pinaman-paman basane | kang pinantês sinunu | binasanan anak sayêkti | kang pantês binasanan | kangkang basanipun | kang pantên[3] binasan uwa | miwah yayi tan wontên bedane sami | rinakêt basanira || |
| 28.040 | sami anginum sênggak suka larih |[4] samya nêmbang kawin lan kidungan | ngêploki bêdhaya rame | sukanipun kalangkung | Senapati kalayan mantri | pamajêgan sadaya | para garwanipun | Senapati kèn bêdhaya | prapta kabèh abusana êmêr kêndhit | gêlang kana jamang mas || |
| 28.041 | kalung kilatbau kêncana di | asêngkang mas intên panunggalnya | asor rawi ujyalane | surêm dening panugul [[f. 181v]: panu...gul] | madhaya naga akala manis |[5] mèsi sêngkang jêbadan | konyoh mrik ganda rum | samya lênggah ing ngayunan | nulya mojar hèh sakathah para mantri | pamajêgan sadaya || |
| 28.042 | manira sutèng tuhu nglisahi | maring sira amborèhi miwah | kang sêkar gajah ngulinge | katrapa nèng karnèku | mantri pamajêgan ngrêpa jrih | ningali para garwa | rumakêt basèku | abukuh palungguhira | samya ngrêpa mukanya konjêm ing siti | kadya wus bapa biyang || |
| 28.043 | ambêk manah sadu anèng ngarsi | panêrkane Senapati Nglaga | tuhu têmên tumêdhake | Senapati amuwus | hèh samitra ulun prasami | aja na taha-taha | mangan jroning nginum | ing rabi ulun sumăngga | ja wirahsa nadyan tumêkaa ing gati |[6] kawinên yèn sirarsa || |
138–139 dari 206
| 1 | pindho (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.36.4). (kembali) |
| 2 | ginulawênthah. (kembali) |
| 3 | pantês (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.39.8). (kembali) |
| 4 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya nginum sênggak suka larih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.40.1). (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: madhaya naga kala manis. (kembali) |
| 6 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ja wirahsa nadyan tumêka ing gati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.43.9). (kembali) |