Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
139–140 dari 206
1.382–1.391 dari 2.053
28.036 hèh Ki Senapati yèn wis olih | dènnya ujarira tri prakara | kang dhihini wong tuwane | wisdho[1] sabdaning guru | kaping tiga sabdaning gusti | mapan dadi satugal | mapan nora wurung | dènira jumênêng nata | nganti sangat sêlêkên nêdha Yyang Widi | kita asru ing brăngta ||
28.037 datatita kawarna ing nguni | kang kocapa Senapati ika | ing Mataram kadhatone | anggung mangan anginum | ing rahina anutug wêngi | lawan ingkang sêmitra | kèhnya wolung èwu | samya langkung ing Mataram | arsa seba ngaturakên bulu pêkti | dhatêng ing Sultan Pajang ||
28.038 Senapati ing Mataram angling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha mandhêga ing kene | payo mangan anginum [[f. 181r]: angi...num] | sabên dina ulun puniki | anyêkêli manjangan | sun karya anginum | tanapi banthèng maesa | sabên dina anyêkêl kidang lan kancil | tămbra ulam paraga ||
28.039 ginulawêthah[2] sakèhing mantri | ingkang pantês binasanan paman | pinaman-paman basane | kang pinantês sinunu | binasanan anak sayêkti | kang pantês binasanan | kangkang basanipun | kang pantên[3] binasan uwa | miwah yayi tan wontên bedane sami | rinakêt basanira ||
28.040 sami anginum sênggak suka larih |[4] samya nêmbang kawin lan kidungan | ngêploki bêdhaya rame | sukanipun kalangkung | Senapati kalayan mantri | pamajêgan sadaya | para garwanipun | Senapati kèn bêdhaya | prapta kabèh abusana êmêr kêndhit | gêlang kana jamang mas ||
28.041 kalung kilatbau kêncana di | asêngkang mas intên panunggalnya | asor rawi ujyalane | surêm dening panugul [[f. 181v]: panu...gul] | madhaya naga akala manis |[5] mèsi sêngkang jêbadan | konyoh mrik ganda rum | samya lênggah ing ngayunan | nulya mojar hèh sakathah para mantri | pamajêgan sadaya ||
28.042 manira sutèng tuhu nglisahi | maring sira amborèhi miwah | kang sêkar gajah ngulinge | katrapa nèng karnèku | mantri pamajêgan ngrêpa jrih | ningali para garwa | rumakêt basèku | abukuh palungguhira | samya ngrêpa mukanya konjêm ing siti | kadya wus bapa biyang ||
28.043 ambêk manah sadu anèng ngarsi | panêrkane Senapati Nglaga | tuhu têmên tumêdhake | Senapati amuwus | hèh samitra ulun prasami | aja na taha-taha | mangan jroning nginum | ing rabi ulun sumăngga | ja wirahsa nadyan tumêkaa ing gati |[6] kawinên yèn sirarsa ||
28.044 khalal ulun pan suka kang mantri | pamajêgan pinasalin samya | busana lan [[f. 182r]] pêpantêse | balongsong punang kampuh | kuluknya lus samya barêci | sabuk cangap rineda[7] | sarta lawan dhuwung | sami kandêlan kêncana | abra murub pênganggening para mantri | kang kinulawisuda ||
28.045 acêlana cindhe tanu èsthi | pinarêmas ing pêrada mapan | gêbyar-gêbyar lir thathite | yèn winisik kang kampuh | pan kasilir wau ing angin | kadya ta kinêpêtan | sumrah raganipun | karaos yèn kanikmatan | salamine dèrèng suka kadi mangkin | duk anèng pamajêgan ||
139–140 dari 206

 


pindho (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.36.4). (kembali)
ginulawênthah. (kembali)
pantês (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.39.8). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya nginum sênggak suka larih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.40.1). (kembali)
Lebih satu suku kata: madhaya naga kala manis. (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: ja wirahsa nadyan tumêka ing gati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.43.9). (kembali)
rinenda. (kembali)