Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
139–140 dari 206
1.384–1.393 dari 2.053
28.038 Senapati ing Mataram angling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha mandhêga ing kene | payo mangan anginum [[f. 181r]: angi...num] | sabên dina ulun puniki | anyêkêli manjangan | sun karya anginum | tanapi banthèng maesa | sabên dina anyêkêl kidang lan kancil | tămbra ulam paraga ||
28.039 ginulawêthah[1] sakèhing mantri | ingkang pantês binasanan paman | pinaman-paman basane | kang pinantês sinunu | binasanan anak sayêkti | kang pantês binasanan | kangkang basanipun | kang pantên[2] binasan uwa | miwah yayi tan wontên bedane sami | rinakêt basanira ||
28.040 sami anginum sênggak suka larih |[3] samya nêmbang kawin lan kidungan | ngêploki bêdhaya rame | sukanipun kalangkung | Senapati kalayan mantri | pamajêgan sadaya | para garwanipun | Senapati kèn bêdhaya | prapta kabèh abusana êmêr kêndhit | gêlang kana jamang mas ||
28.041 kalung kilatbau kêncana di | asêngkang mas intên panunggalnya | asor rawi ujyalane | surêm dening panugul [[f. 181v]: panu...gul] | madhaya naga akala manis |[4] mèsi sêngkang jêbadan | konyoh mrik ganda rum | samya lênggah ing ngayunan | nulya mojar hèh sakathah para mantri | pamajêgan sadaya ||
28.042 manira sutèng tuhu nglisahi | maring sira amborèhi miwah | kang sêkar gajah ngulinge | katrapa nèng karnèku | mantri pamajêgan ngrêpa jrih | ningali para garwa | rumakêt basèku | abukuh palungguhira | samya ngrêpa mukanya konjêm ing siti | kadya wus bapa biyang ||
28.043 ambêk manah sadu anèng ngarsi | panêrkane Senapati Nglaga | tuhu têmên tumêdhake | Senapati amuwus | hèh samitra ulun prasami | aja na taha-taha | mangan jroning nginum | ing rabi ulun sumăngga | ja wirahsa nadyan tumêkaa ing gati |[5] kawinên yèn sirarsa ||
28.044 khalal ulun pan suka kang mantri | pamajêgan pinasalin samya | busana lan [[f. 182r]] pêpantêse | balongsong punang kampuh | kuluknya lus samya barêci | sabuk cangap rineda[6] | sarta lawan dhuwung | sami kandêlan kêncana | abra murub pênganggening para mantri | kang kinulawisuda ||
28.045 acêlana cindhe tanu èsthi | pinarêmas ing pêrada mapan | gêbyar-gêbyar lir thathite | yèn winisik kang kampuh | pan kasilir wau ing angin | kadya ta kinêpêtan | sumrah raganipun | karaos yèn kanikmatan | salamine dèrèng suka kadi mangkin | duk anèng pamajêgan ||
28.046 mantri pamajêgan angandêling | padha ngrêpa tumungkul sadaya | abukuh ing palinggihe | dening dibya abukuh | rêtna wadu widagdèng lungid | apa kadanira |[7] arêmên andulu | tate kinudang ing aprang | pan kawratan sura lêgawa ing pati | aglar tanpa sisingan ||
28.047 Senapati Angalaga angling | mulat dhatêng mantri pamajêgan [[f. 182v]] | de sami pranata kabèh | kusya jêjêl supênuh | wus anarka ngandhih ngajurit | lirnane Sultan Pajang | mangkya kapyatuhu | rampinga-rampinga tanggal | kêcap sang mita satata dèn ulati | kang sinêmbah Ngalaga ||
139–140 dari 206

 


1 ginulawênthah. (kembali)
2 pantês (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.39.8). (kembali)
3 Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya nginum sênggak suka larih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.40.1). (kembali)
4 Lebih satu suku kata: madhaya naga kala manis. (kembali)
5 Lebih satu suku kata. Bandingkan: ja wirahsa nadyan tumêka ing gati (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.43.9). (kembali)
6 rinenda. (kembali)
7 Kurang satu suku kata: apa ka dananira. Bandingkan: ya măngka dananira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.50.6). (kembali)