Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
138–139 dari 206
1.377–1.386 dari 2.053
28.031 yèn wus awas sira ing Yyang Widi | pan têdhanên nagara ing Pajang | ngidhêpa mring kita kabèh | sakèhing pa ratu |[1] mapan kita dadia aji | sumiliha ing Pajang | gampangêna iku | pintanên maring Yyang Sukma | têmên-têmên idhêpa rasaning tunggil | cara carêm sarêmbat ||
28.032 kaping kalih mintaa mring aji | ramanira walêsên kewala | anti-antinên tatane | ana minta ing kawruh | selanira [[f. 180r]: sela...nira] mapan kaaksi | kaèksine mring sira | lah êndi pukulun | nging punapa pan nalika | laku linggih solah mona lawan muni | minăngka panêngêran ||
28.033 lamun kita aseba aisin | maring Pajang aminta nagara | lah têdhanên têkèng kene | dening doh parêkipun | lamun nyata wadya lan gusti | adoh tanpa wangênan | aparêk puniku | datanpa gêpokan sira | kanyatahan lir sarkara lawan manis | tan kengang pasahêna ||
28.034 mapan nyata hèh Ki Senapati | sami nunggil rasa lawan sultan | roro anunggal jatine | mapan tarkaning ulun | lamun sultan praptèng ing janji | dan panjênênganira | amangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | kang gêntèni panjênênganira aji | datan ana ing kita ||
28.035 nadyan kathah putrane sang aji | norana lyan kita kang atuwa | kinêmpit alit mulane | kang dadi manahipun [[f. 180v]] | nanging kita putra sajati | kang dadi pêngauban | sakèhe kang sunu | sultan cahyane nurbuat | wus angalih maring kita wus pinasthi | anggêntosi mring sultan ||
28.036 hèh Ki Senapati yèn wis olih | dènnya ujarira tri prakara | kang dhihini wong tuwane | wisdho[2] sabdaning guru | kaping tiga sabdaning gusti | mapan dadi satugal | mapan nora wurung | dènira jumênêng nata | nganti sangat sêlêkên nêdha Yyang Widi | kita asru ing brăngta ||
28.037 datatita kawarna ing nguni | kang kocapa Senapati ika | ing Mataram kadhatone | anggung mangan anginum | ing rahina anutug wêngi | lawan ingkang sêmitra | kèhnya wolung èwu | samya langkung ing Mataram | arsa seba ngaturakên bulu pêkti | dhatêng ing Sultan Pajang ||
28.038 Senapati ing Mataram angling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha mandhêga ing kene | payo mangan anginum [[f. 181r]: angi...num] | sabên dina ulun puniki | anyêkêli manjangan | sun karya anginum | tanapi banthèng maesa | sabên dina anyêkêl kidang lan kancil | tămbra ulam paraga ||
28.039 ginulawêthah[3] sakèhing mantri | ingkang pantês binasanan paman | pinaman-paman basane | kang pinantês sinunu | binasanan anak sayêkti | kang pantês binasanan | kangkang basanipun | kang pantên[4] binasan uwa | miwah yayi tan wontên bedane sami | rinakêt basanira ||
28.040 sami anginum sênggak suka larih |[5] samya nêmbang kawin lan kidungan | ngêploki bêdhaya rame | sukanipun kalangkung | Senapati kalayan mantri | pamajêgan sadaya | para garwanipun | Senapati kèn bêdhaya | prapta kabèh abusana êmêr kêndhit | gêlang kana jamang mas ||
138–139 dari 206

 


1 Kurang satu suku kata. Bandingkan: sakèhing para ratu (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.31.4). (kembali)
2 pindho (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.36.4). (kembali)
3 ginulawênthah. (kembali)
4 pantês (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.39.8). (kembali)
5 Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya nginum sênggak suka larih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.40.1). (kembali)