Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 42
140–141 dari 206
1.393–1.402 dari 2.053
| 28.047 | Senapati Angalaga angling | mulat dhatêng mantri pamajêgan [[f. 182v]] | de sami pranata kabèh | kusya jêjêl supênuh | wus anarka ngandhih ngajurit | lirnane Sultan Pajang | mangkya kapyatuhu | rampinga-rampinga tanggal | kêcap sang mita satata dèn ulati | kang sinêmbah Ngalaga || |
| 28.048 | lamun ingsun angêndhiha jurit | amungsuha marang Sultan Pajang | ingsun amriha sirnane | kaya kêna sun adu | sakathahe kang para mantri | ingsun uwus pracaya | tingal ingong suyud | anging ta amung satunggal | kae san Bacor pan durung sayakti |[1] atine kaya-kaya || |
| 28.049 | sun wêtara atine wong iki | nura muka dening bojakrama | yèn durung têka karêpe | angayoni maring sun | dêdimone sun anuruti | bênêr têka si besan | sisip têka ingsun | upamane awak ingwang | kadi cebol apaksang[2] gayuh langit |[3] pasthine dipun ina || |
| 28.050 | iya bênêr kang arsa ngayoni | lamun ingsun nora munjulana | digdayane [[f. 183r]: di...gdayane] lan wong akèh | măngsa dadia ratu | pan mêngkana ciptaning ati | nanging datan kawêdal | anukmèng ing kalbu | maksih eca akasukan | anuwuki karsane kang para mantri | pamajêgan sadaya || |
| 28.051 | mantri bêksa pan kagiri-giri | anglêngkara ambêk gora gadha | amăngga atulungane | sela nulya tinêmpuh | wawratipun anigang dhacin | mantrinira arosa | sêdhêng agul-agul | tan wruh yèn ari sinăngga | karatala lir kapuk salaba sami | ngumbulakên ngawiyat || |
| 28.052 | kadi alap-alap sami mangkin | tiningalan ton saalap-alap | datan antara uncule | pan sinăngga ing gundhul | pan sinundha tiba ing gigir | ramya dènnya bêbêsan | ana umbul watu | ana kang akopyah lumpang | ngancik jalma wau ta nênggih atitir | lir kaya năngga palwa || |
| 28.053 | kalaganjur binaksanan kêris | lan landheyan lan asikêp panah | wênèh kang abêksa [[f. 183v]] tamèng | ingumbulakên mulu[4] | punang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan jaja | tinundha ing pupu | aprang lêngên para tantang | wênèh urêk talingan lan netra kalih | têguh pupu tinatah || |
| 28.054 | tandangipun lir banthèng akanin | para tantang lawan asêsumbar | landheyan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | pan ilapatipun | cinaning kayun lan baka | tumbak kêris tinêmên tan anêdhasi | maring jalma satata || |
| 28.055 | mantri asya maring Senapati | anulun ajanana aprang |[5] ing Mataram sakêbêke | wadyanira pan purun | nadyan mungsuhana sang aji | yèn kita ajanana | masthi datan mundur | nadyan tangkêpa salêksa | dêdamêle ing Pajang ingsun tan gingsir | dene kawratan dona || |
| 28.056 | mapan kocake ludira mami | lan tugêle ing jăngga kawula | sun sanggakkên panaure | dona krama tuwanku | datan ana timbange uni | anging pêjah prasêtya [[f. 184r]] | anjalma ping pitu | kinawulakêna ingwang | ing satêrahira kangjêng sang linuwih | wèh yya wèh warah ing tyas || |
140–141 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Kae Basan [Besan] Bacor pan durung sayakti (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.48.9); samya bêkti mung Bocor durung sayêkti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.53.9). (kembali) |
| 2 | apaksa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.49.9). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kadi cebol apaksa agayu [anggayuh] langit (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.49.9); kaya cebol nèng jurang anggayuh langit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.54.9). (kembali) |
| 4 | muluk (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.53.4). (kembali) |
| 5 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mapan ulun ajanana aprang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.5.2). (kembali) |