Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
140–141 dari 206
1.400–1.409 dari 2.053
28.054 tandangipun lir banthèng akanin | para tantang lawan asêsumbar | landheyan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | pan ilapatipun | cinaning kayun lan baka | tumbak kêris tinêmên tan anêdhasi | maring jalma satata ||
28.055 mantri asya maring Senapati | anulun ajanana aprang |[1] ing Mataram sakêbêke | wadyanira pan purun | nadyan mungsuhana sang aji | yèn kita ajanana | masthi datan mundur | nadyan tangkêpa salêksa | dêdamêle ing Pajang ingsun tan gingsir | dene kawratan dona ||
28.056 mapan kocake ludira mami | lan tugêle ing jăngga kawula | sun sanggakkên panaure | dona krama tuwanku | datan ana timbange uni | anging pêjah prasêtya [[f. 184r]] | anjalma ping pitu | kinawulakêna ingwang | ing satêrahira kangjêng sang linuwih | wèh yya wèh warah ing tyas ||
28.057 tatkala yar ingkang nguni-uni | kapangguhan mantri pamajêgan | nrahakên bulu pêktine | kapanggih ta ing ênu | naga ti tan anigêsi |[2] prayoga kang anênga | kita kang kapangguh | adipati kang tumitah | sangliring rat ing pamajêgan pan ari | de kita pan tinaha ||
28.058 pan sakèhe bulu pêkti mami | pan maringa patikbra tan ana | nagara pan sandeane | Mataram ratu agung | lan nagara i têpis wiring | sami madhêp sadaya | marang sang aprabu | dening kita kang lumampah | mangke ingsun atapa ing gunung wêsi | kang sinêmbah Ngalaga ||
28.059 nahan mantri pamajêgan angling | dèn sumilih Senapati mojar | sun tarima pracayane | pan dudu kaya iku | karsèng ulun maring sang aji | besuk sira sebaa | sarênga lan ingsun | yèn ana dukane sultan | maring kita [[f. 184v]] pan ingsun ingkang nanggêni | ngandêlakên ing prana ||
28.060 kunêng ulun para sêca êning | dukanira sang nata ing Pajang | piyandêl dalêm agêdhe | karsanira sang prabu | sakathahe wus anèng kami | lamun ta sira karsa | jumênêng tumênggung | kang maksih lungguh walulang | miwah pidak kang arsa alungguh lampit | anulya winarahan ||
28.061 aluwaran wau Senapati | sakathahe mantri pamajêgan | samya mulih mring pondhoke | Kyai Bocor winuwus | ingkang tansah ananting-nanting | karsaning panêmbahan | iku durung rujuk | dahat arsa ngayonana | ing bobote Senapati ing Matawis | Ki Bocor nukmèng ing tyas ||
28.062 kaya ngapa sanak-sanak mami | têka mêngkene polahe padha | milu byung karamèn-ramèn | nora matara laku | kaya rare dènira sami | rêp jungjung Senapatya | dèn timbanga iku | mapan cili Senapatya | kudu mungsuh ing Pajang yèn durung mami | ngayoni bobotira [[f. 185r]: boboti...ra] ||
28.063 Ki Senapati Nglaga Matawis | pan ingsun durung dhèrèk dening ta | nora idhêp sarirane | dening apaksa ingsun | baya kulit têmbaga adi | asusuma[3] gêgala | yèn tan pasah ingsun | suduk iki kêris ingwang | arêp ingsun ngawula surup yyang rawi | Bocor nutugkên karsa ||
140–141 dari 206

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: mapan ulun ajanana aprang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.5.2). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: naga tita tan anigêsi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.57.5); nênggih tita tan agêsêngi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.6.5). (kembali)
asungsuma (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.63.6). (kembali)