Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 42
141–142 dari 206
1.403–1.412 dari 2.053
| 28.057 | tatkala yar ingkang nguni-uni | kapangguhan mantri pamajêgan | nrahakên bulu pêktine | kapanggih ta ing ênu | naga ti tan anigêsi |[1] prayoga kang anênga | kita kang kapangguh | adipati kang tumitah | sangliring rat ing pamajêgan pan ari | de kita pan tinaha || |
| 28.058 | pan sakèhe bulu pêkti mami | pan maringa patikbra tan ana | nagara pan sandeane | Mataram ratu agung | lan nagara i têpis wiring | sami madhêp sadaya | marang sang aprabu | dening kita kang lumampah | mangke ingsun atapa ing gunung wêsi | kang sinêmbah Ngalaga || |
| 28.059 | nahan mantri pamajêgan angling | dèn sumilih Senapati mojar | sun tarima pracayane | pan dudu kaya iku | karsèng ulun maring sang aji | besuk sira sebaa | sarênga lan ingsun | yèn ana dukane sultan | maring kita [[f. 184v]] pan ingsun ingkang nanggêni | ngandêlakên ing prana || |
| 28.060 | kunêng ulun para sêca êning | dukanira sang nata ing Pajang | piyandêl dalêm agêdhe | karsanira sang prabu | sakathahe wus anèng kami | lamun ta sira karsa | jumênêng tumênggung | kang maksih lungguh walulang | miwah pidak kang arsa alungguh lampit | anulya winarahan || |
| 28.061 | aluwaran wau Senapati | sakathahe mantri pamajêgan | samya mulih mring pondhoke | Kyai Bocor winuwus | ingkang tansah ananting-nanting | karsaning panêmbahan | iku durung rujuk | dahat arsa ngayonana | ing bobote Senapati ing Matawis | Ki Bocor nukmèng ing tyas || |
| 28.062 | kaya ngapa sanak-sanak mami | têka mêngkene polahe padha | milu byung karamèn-ramèn | nora matara laku | kaya rare dènira sami | rêp jungjung Senapatya | dèn timbanga iku | mapan cili Senapatya | kudu mungsuh ing Pajang yèn durung mami | ngayoni bobotira [[f. 185r]: boboti...ra] || |
| 28.063 | Ki Senapati Nglaga Matawis | pan ingsun durung dhèrèk dening ta | nora idhêp sarirane | dening apaksa ingsun | baya kulit têmbaga adi | asusuma[2] gêgala | yèn tan pasah ingsun | suduk iki kêris ingwang | arêp ingsun ngawula surup yyang rawi | Bocor nutugkên karsa || |
| 28.064 | apan arsa malêbu nyidrani | mring Senapati krise tinatab | măngga mring kapuk landhêpe | Kêbodhêngên ranipun | sampun mangkat lumêbèng puri | sapraptane ing pura | sakèhe kang tungguk | kori sampun winangsitan | marang panêmbahan api tan wruh sami | Ki Bocor manjing pura || |
| 28.065 | panêmbahan kapanggih alinggih | ngungkurakê[3] kori lagya dhahar | Ki Bocor narajang age | nuduki sru kalangkung | Panêmbahan pan nora nolih | eca dènira dhahar | lir kaca sinuduk | dening pucuk ngalang-alang | pan malèsèd Sultan Pajang têguhnèki | lir walulang gumêbyag [[f. 185v]] || |
| 28.066 | dhuwung pucuke sigar apalih | kang pratala malah dhungkar-dhungkar | Bocor sidhêkung tibane | lupa sariranipun | Kae Bocor sigra tur bakti | sarta ngaturkên tobat | kawula anuwun | gusti nêdha pangapura | Panêmbahan kagyat nolih saryya angling | kakang wontên punapa || |
141–142 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: naga tita tan anigêsi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.57.5); nênggih tita tan agêsêngi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.6.5). (kembali) |
| 2 | asungsuma (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.63.6). (kembali) |
| 3 | ngungkurakên. (kembali) |