Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
136 dari 206
1.351–1.360 dari 2.053
28.005 Ratu Pajang langkung dènnya sêkti | manahira lir ăngsa anglayang | muluk salat kahanane | jalma akêm puniku | kepyan kagyat sajroning galih | dening angrênga ujar- | ira sang pukulun | wadya matur sadayanya | lah sang nata kawula midhangêt warti | Risang Sutawijaya ||
28.006 kunêng ika aseba ing benjing | arsa balik malah sampun nyithak | adamêl kitha arahe [[f. 175v]] | binacingah puniku | Sultan Pajang sigra dènnya ngling | Ngabèi Wilamarta | Ki Wuragil iku | sira maringa Mataram | dèn waspada ing sapratingkahe uni | ing Sang Sutawijaya ||
28.007 dutanira kalih angusapi | ing suku sang duta mêsat |[1] akêbat ika lampahe | anitih kuda sampun | mring Mataram Ki Senapati | sunya dhatêng Lipura | duta karo nusul | mring Lipura dhatêng sigra | Senapati kapanggih sirèng alinggih | ing kuda acêcala ||
28.008 Kai Gêdhe Wuragil sira ngling | Angabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking jaran age | nimbalakên ing wuwus | Sultan Pajang mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | sigra mangke muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jêngandika arsa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga ||
28.009 maksih amanggung anitih waji | jêngandika dutanipun sultan | nistha ing mantri tandange | dening mudhun karuwun [[f. 176r]: ka...ruwun] | saking kuda kang dèn timbali | maksih anunggang jaran | jangandika[2] iku | tan prabeda lawan sultan | kang akèngkèn sarupa lan duta singgih | pan sampun rasa tugal ||
28.010 kyai gêdhe mangkya sira angling | lah Ngabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking waji age | nimbalakên pamuwus | kangjêng sultan mring Senapati | yèn wruha kang timbalan | rama ji pukulun | Senapatining Mataram | duta kalih pan kepyan saking ing waji | Senapati Ngalaga ||
28.011 mangsih amanggung anitih waji | Angabèi Wilamarta mojar | lah tan linyok ujar ingong | senapati pan wus wruh | yèn andika duta narpati | tan narka yèn mudhuna | saking kuda iku | pêkênira lan manira | tanduk mantri kanistha Ki Senapati | Angalaga ngandika ||
28.012 sarta [[f. 176v]] anèng ing luwuring waji | Angabèi Wilamarta kita | prapta ragane kinèngkèn | duta kalih amuwus | dahat ulun duta sang aji | angêmban pangandika- | nira sang aulun | mangan nginum marènana | asebaa maring Pajang dipun aglis | myang kita akurisa ||
28.013 duta kalih sinauran angling | Senapati maksih nitih kuda | matura ing sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap suta maring wang |[3] lawan rabènipun | mangan nginum sun ingatag | mêmarèni apan kêna ingsun maksih | doyan nginum amangan ||
28.014 ingsun kinèn mêmarèni iki | akurisa mapan rema ămba | tuwuh sadawane dhewe | pagene yèn cinukur | salah sêdya ulun puniki | têka para mantuka | matura sang ulun | yèn mêngko ujar ingwang |[4] Wilamarta Ki Wugil amit mulih |[5] mring Pajang ugya [[f. 177r]: u...gya] prapta ||
136 dari 206

 


Kurang dua suku kata. Bandingkan: lêbu ing suku sang duta mêsat (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.7.2); angusapi lêbu ing suku sang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.7.2); angusapi lêbu ing sukunya (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.8.2). (kembali)
jêngandika (dan di tempat lain). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: angalap suta mringwang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.13.6); angalap sutanira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.13.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.7.6); angalap gurtanira (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.12.6). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn mêngkono ujar ingya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.14.8); yèn mêngkono ujar ingwang Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.14.8); yèn mêngkono ujar iwang Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 24.13.8); yèn mangkono atur ingwang (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.8.8). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: Wilamarta Ki Wuragil amit mulih (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.14.9). (kembali)