Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
143–144 dari 206
1.423–1.432 dari 2.053
28.077 nuli lintang sirna mring wiyati | dan sumilih Senapati asya | baya prapta ing pasthine | ulun mangku kaprabun | têkèng suta myang putu mami | buyut pan dadi nata | Ratu Jawa nungkul | ulun dilah tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna ||
28.078 Kyai Juru Amartani angling | hèh Ki Senapati Angalaga | aja ubriya[1] ta mangke | tan wênang ujar luput | amasthèkên[2] [[f. 187v]: ama...sthèkên] kang durung jati | benjing têkèng saksana | amanggihi mungsuh | satêngahira payudan | yèn madyaa ujar andika ing nguni | kaya ta kapangguha ||
28.079 kadipundi rèh angandêl iki | ujar lintang pan dudu manungsa | ewoh cinêkê[3] lambene | ora masthi kapangguh | beda jalma masthi kapanggih | ujar dudu lan iya | masthi yèn katêmu | dening sami padha jalma | rèh supêna zaiz arane puniki | wênang dudu lan iya ||
28.080 ri saksana yèn prapta ing jurit | ora wurung mami lawan sira | kapangguh ing payudane | kalah mênanga iku | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | masthi jumênêng narendra | lamun kalah katawan sira amasthi | Senapati sandeya ||
28.081 jroning nala myarsa tuturnèki | ingkang paman Senapati mojar | kadipundi ngandêl rèhe | tanpa rerehan ulun | aris mojar Juru Martani [[f. 188r]] | saparipolahira | sakarsanira nut | ulun mapan ta dadia | karsa sawiji cra carêm sarêmbat iki |[4] Kyai Juru dêlingnya ||
28.082 yèn sêmbada lan karsane rèki | ana ujar ing dalil Pangeran | gampangêna ingsun mangke | sakèh sinêdya ulun | ingkang angèl sanèn ru brangti | jur sari dèn palêpah | lah anêdha gupuh | dawêg sami linêksanan | inggih ulun minggah ing Wukir Marapi | pêkênira samodra ||
28.083 têdhanên ing Yyang nyatakna kapti | Yyang Pangeran yya gumisir[5] nêdha | mentar tumanduk karone | Senapati tumanduk | ngetan bênêr manjing wanadri | wus ambyur Kali Upak | nglangi bathang anut | ana lor gêng tan upama | Tunggulwulung rane yèn jalmaa angling | baya mangke manira ||
28.084 apêpanggih lawan gusti mami | sinambut nungganga gigir ingwang | ulun naur bêcikane | lumampah karsa [[f. 188v]] ulun | alor iku purwane uni | Senapati cangkrama | ing sawangan iku | angêbur ing Kali Samas | jambêt jala pêcak wuwu lawan sundhit | rampog susug sèsèrnya ||
28.085 duk asat alor kapêdhak nuli | jalma ningali samya garjita | wadya parêbutan rame | cinêkêli wong agung | katur Senapati sigra ngling | hèh wong sanak sadaya | êntasêna iku | anulya mina binakta | binusanan wau dening kancana di | kinalungan lan jamang ||
28.086 mas luru wus binusanan nuli | mina alor inguculkên egal | ngaran Tunggulwulung mangke | nèng toya cahya mancur | anglir palwa ngambah jaladri | jro toya tiningalan | lir raditya murub | satuhunipun kang mina | alor iku mina narendra anuli | angèli Senapatya ||
143–144 dari 206

 


jubriya. (kembali)
amasthèkkên. (kembali)
cinêkêl (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.79.3). (kembali)
Lebih satu suku kata: karsa swiji cra carêm sarêmbat iki. (kembali)
gumingsir (dan di tempat dan bentukan lain) (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.83.2). (kembali)