Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 42
142–143 dari 206
1.417–1.426 dari 2.053
28.071 Kyai Juru widagdèng ing wangsit | pan wikan saptane putranira | mapan dèn susul parane | wayah lingsiring dalu | pan tumanduk lir kilat thathit | sakêdhap sigra prapta | Lipura jinujug | nulya sira kaprangguhan | Kyai Gêdhe Senapati pan aguling | nginggil sela gêgilang ||
28.072 Kyai Juru [[f. 186v]: Ju...ru] Amartani angling | sutèng ulun Senapati sira | ujare arêp agêdhe | dene eca aturu | tan antara lintang kang prapti | mancur lir pendah surya | ni baskara murub | upama gêdhene lintang | saklapa têkan tabone puniki |[1] gumawang ing gêgilang ||
28.073 Kyai Juru Amartani angling | sarwi gugah Senapati sira | atangia dipun age | apa ana ing luhur | lagya guling katbuta iki | Senapati Ngalaga | kagyat sira wungu | apan mulat nulya mojar | apa sira mêncarong ing luhur mami | satuwuk durung mulat ||
28.074 lintang iki sigra dènnya angling | wruhanira ulun iki lintang | awêwarah sira mangke | dening sira anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | uwus sêndhêng marènana | lah muliha kang dèn palêpan wus akni | subrăngta mati raga ||
28.075 mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amangku rat Jawa | sineba ing [[f. 187r]] mantri kabèh | digbya sakti tur punjul | para ratu ing tanah Jawi | kalahên ta sadaya | padha sira nungkul | tumêdhak ing sutanira | myang ing putu jumênêng Sultan Matawis | Jawa tanpa sisihan ||
28.076 buyutira jumênêng Matawis | nêrpatine suka myang wibawa | sugih rêtna kancanane | salaka bêrana gung | amêkasi jumênêng aji | nêgaranipun rêngka | myang lintang kumukus | grahana sasi lan surya | gugur gunung udan awu myang karikil | cinane tur ingwang |[2]|
28.077 nuli lintang sirna mring wiyati | dan sumilih Senapati asya | baya prapta ing pasthine | ulun mangku kaprabun | têkèng suta myang putu mami | buyut pan dadi nata | Ratu Jawa nungkul | ulun dilah tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna ||
28.078 Kyai Juru Amartani angling | hèh Ki Senapati Angalaga | aja ubriya[3] ta mangke | tan wênang ujar luput | amasthèkên[4] [[f. 187v]: ama...sthèkên] kang durung jati | benjing têkèng saksana | amanggihi mungsuh | satêngahira payudan | yèn madyaa ujar andika ing nguni | kaya ta kapangguha ||
28.079 kadipundi rèh angandêl iki | ujar lintang pan dudu manungsa | ewoh cinêkê[5] lambene | ora masthi kapangguh | beda jalma masthi kapanggih | ujar dudu lan iya | masthi yèn katêmu | dening sami padha jalma | rèh supêna zaiz arane puniki | wênang dudu lan iya ||
28.080 ri saksana yèn prapta ing jurit | ora wurung mami lawan sira | kapangguh ing payudane | kalah mênanga iku | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | masthi jumênêng narendra | lamun kalah katawan sira amasthi | Senapati sandeya ||
142–143 dari 206

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: sakalapa katut tabone puniki (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.72.9); sakarambil têka tabone winarni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.79.9). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: cinane tutur iwang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.76.10); cihna nagara rêngka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.83.10); prabawane nêgara (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.17.10). (kembali)
jubriya. (kembali)
amasthèkkên. (kembali)
cinêkêl (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.79.3). (kembali)