Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
28 dari 42
142–143 dari 206
1.419–1.428 dari 2.053
| 28.073 | Kyai Juru Amartani angling | sarwi gugah Senapati sira | atangia dipun age | apa ana ing luhur | lagya guling katbuta iki | Senapati Ngalaga | kagyat sira wungu | apan mulat nulya mojar | apa sira mêncarong ing luhur mami | satuwuk durung mulat || |
| 28.074 | lintang iki sigra dènnya angling | wruhanira ulun iki lintang | awêwarah sira mangke | dening sira anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | uwus sêndhêng marènana | lah muliha kang dèn palêpan wus akni | subrăngta mati raga || |
| 28.075 | mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amangku rat Jawa | sineba ing [[f. 187r]] mantri kabèh | digbya sakti tur punjul | para ratu ing tanah Jawi | kalahên ta sadaya | padha sira nungkul | tumêdhak ing sutanira | myang ing putu jumênêng Sultan Matawis | Jawa tanpa sisihan || |
| 28.076 | buyutira jumênêng Matawis | nêrpatine suka myang wibawa | sugih rêtna kancanane | salaka bêrana gung | amêkasi jumênêng aji | nêgaranipun rêngka | myang lintang kumukus | grahana sasi lan surya | gugur gunung udan awu myang karikil | cinane tur ingwang |[1]| |
| 28.077 | nuli lintang sirna mring wiyati | dan sumilih Senapati asya | baya prapta ing pasthine | ulun mangku kaprabun | têkèng suta myang putu mami | buyut pan dadi nata | Ratu Jawa nungkul | ulun dilah tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna || |
| 28.078 | Kyai Juru Amartani angling | hèh Ki Senapati Angalaga | aja ubriya[2] ta mangke | tan wênang ujar luput | amasthèkên[3] [[f. 187v]: ama...sthèkên] kang durung jati | benjing têkèng saksana | amanggihi mungsuh | satêngahira payudan | yèn madyaa ujar andika ing nguni | kaya ta kapangguha || |
| 28.079 | kadipundi rèh angandêl iki | ujar lintang pan dudu manungsa | ewoh cinêkê[4] lambene | ora masthi kapangguh | beda jalma masthi kapanggih | ujar dudu lan iya | masthi yèn katêmu | dening sami padha jalma | rèh supêna zaiz arane puniki | wênang dudu lan iya || |
| 28.080 | ri saksana yèn prapta ing jurit | ora wurung mami lawan sira | kapangguh ing payudane | kalah mênanga iku | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | masthi jumênêng narendra | lamun kalah katawan sira amasthi | Senapati sandeya || |
| 28.081 | jroning nala myarsa tuturnèki | ingkang paman Senapati mojar | kadipundi ngandêl rèhe | tanpa rerehan ulun | aris mojar Juru Martani [[f. 188r]] | saparipolahira | sakarsanira nut | ulun mapan ta dadia | karsa sawiji cra carêm sarêmbat iki |[5] Kyai Juru dêlingnya || |
| 28.082 | yèn sêmbada lan karsane rèki | ana ujar ing dalil Pangeran | gampangêna ingsun mangke | sakèh sinêdya ulun | ingkang angèl sanèn ru brangti | jur sari dèn palêpah | lah anêdha gupuh | dawêg sami linêksanan | inggih ulun minggah ing Wukir Marapi | pêkênira samodra || |
142–143 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: cinane tutur iwang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.76.10); cihna nagara rêngka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.83.10); prabawane nêgara (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 26.17.10). (kembali) |
| 2 | jubriya. (kembali) |
| 3 | amasthèkkên. (kembali) |
| 4 | cinêkêl (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 28.79.3). (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: karsa swiji cra carêm sarêmbat iki. (kembali) |