Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 42
20–21 dari 206
194–203 dari 2.053
03.021 dika matur ing nrêpati | kula jalma Sukapura | pun Satomi aran ingong | puniki somah kawula | tanpa wêkas jir ingwang | mila kawula anglangut | angulari nayakèng rat ||
03.022 ikang yogya mutêr bumi | mila kawula asowan | ayun ngabêkti wiyose | têdahing dewa bêthara | ing Galuh ana nata | mangke sumăngga sang prabu | lah nyai dika turêna ||
03.023 gandhèk èstri sampun bali | wus katur salampahira | kinèn animbali age | tan dangu prapta ngajêngan | adoh ingawe nata | kinèn parêk dènnya luguh[1] | ngabêkti sumukêm[2] pada ||
03.024 abukuh konjêm ing siti | tan kawasa ningalana | saking cahya karatone | ing jaja murub apadhang | Ki Satomi tan kilap | angandika [[f. 26v]: angandi...ka] sang aprabu | hèh pajara karyanira ||
03.025 purwa madya seba mami | Ki Satomi apranata | sinuwun mula-mulane | kawula tiyang baruthal | kala dahuru jaman | anak putu ămba agung | tur sami gagah prakosa ||
03.026 samya ămba parentahi | mêmaling begal angêtal | myang bakèn nênukup mangke | ikang tan anut kawula | dadya ulun kèringan | tanpa wêkas pikir ulun | rêmbagan kawula kesah ||
03.027 angulati Nata Jawi | kang yogya sinêmbah kathah | pa karana sira mangke | nora nganggo bêbênêran | pupuh rosa kewala | sawab batên wontên ratu | sapa sintên ngadilana ||
03.028 mulane sira ngulati | ratu sira wus wibawa | têka enak tanpa katong | sapa rosa masthi mênang | botên pikir kawula | bulah si têdhaking [[f. 27r]] ratu | anêdya dadya nalendra ||
03.029 satru trubus ing wong cili | wêkasan kang kathah-kathah | samya awon panêdhane | dadya suwala kawula | mring anak putuningwang | lan kang cili awlas ingsun | dadya bojaning akathah ||
03.030 yèn awèta tanpa adil | amasthi patyan-pinatwan[3] | nagri Jawa risak kabèh | punika pikir kawula | mila ba adra pêjah | amoyang ngulati ratu | wangsit dewa kinon sowan ||
20–21 dari 206

 


lungguh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
sumungkêm (dan di tempat lain). (kembali)
patyan-pinatyan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.30.2). (kembali)