Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 42
21–22 dari 206
206–215 dari 2.053
03.033 gêgêntine yayah bibi | isun lola alit mila | anuwun sangêt ajrihe | sumungkêm anèng buntala | anênêdha ing dewa | tulusa ta ratuningsun | wis bapa sira muliha ||
03.034 kumpulna sakèh wong bumi | miwah anak putunira | padha timbalana kabèh | padha wismaa ing praja | sarupane wong Jawa | ratanên ikang barênjul | Satomi nêmbah wus kentar ||
03.035 datan kawarna ing margi | Satomi prapta ing wisma | wus têmu lan nak putune | jinarwa yèn olèh karya | wus duwe ratu wignya | jumênêng ngadhaton Galuh | bagus sakti mahabara ||
03.036 mituhu nak putunèki | pan sampun rêmbag sadaya | satêngah maido tyase | kiyai puniku bobab | kapanane anaa | wingi isun amèk kayu [[f. 28r]: ka...yu] | ing Galuh pan maksih alas ||
03.037 nanging kawijil awêdi | dadya anurut sakarsa | kang têbih wus prapta kabèh | lêlampahan tigang dina | dukap[1] lakon sapasar | myang lakon sadasa dalu | kang liya nora suwala ||
03.038 dukap lakon têngah sasi | sacăndra prapta sadaya | kang barênjul rata kabèh | samya jrih dening pawarta | bang kulon sampun rata | wus pêpak sagawanipun | Ki Satomi nulya bubar ||
03.039 sowan dhumatêng sang aji | anak putune sadaya | bayong[2] saanak dharane | miwah raja darbenira | wong cili têngga wisma | datan kawarna ing ênu | wus prapta Galuh nêgara ||
03.040 sakalangkung gêng kang baris | tanapi kèhing pikulan | agêng alit lanang wadon | sakalangkung kathahira | tusan ewon alêksan | maesa [[f. 28v]] lêmbu pan agung | bèbèk ayam lawan banyak ||
03.041 kalangkung repot ing margi | wus prapta jawining kitha | arêsik jêmbar lurunge | adungkap kori sayatra | kang uning kagawokan | alas gêng dadya kadhatun | pasang rakite apelag ||
03.042 samya rayyan ingkang prapti | nurut lêlurung pan aglar | nyana umah akèh-akèh | sami wontên tiyangira | kunêng ta sri nalendra | ngaturan Sêtomi rawuh | nulya miyos magêlaran ||
21–22 dari 206

 


dungkap (dan di tempat lain). (kembali)
boyong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)