Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 42
22–23 dari 206
214–223 dari 2.053
| 03.041 | kalangkung repot ing margi | wus prapta jawining kitha | arêsik jêmbar lurunge | adungkap kori sayatra | kang uning kagawokan | alas gêng dadya kadhatun | pasang rakite apelag || |
| 03.042 | samya rayyan ingkang prapti | nurut lêlurung pan aglar | nyana umah akèh-akèh | sami wontên tiyangira | kunêng ta sri nalendra | ngaturan Sêtomi rawuh | nulya miyos magêlaran || |
| 03.043 | ginarêbêg dening èstri | ampilanira atata | wus pinarêk sang arajèng | mugèng pantarana dênta | Ki Satomi na sowan | ngirid anak putunipun | kang sami katara-tara || |
| 03.044 | ikang kathah anèng jawi | ikang pepe samya aglar | salèr waringin kurunge | gandhèk èstri sampun prapta | Ki Satomi ngandikan | saanak putu sêdarum | wus majêng andhèr [[f. 29r]] paglaran || |
| 03.045 | samya tumungkul ing siti | ulap cahya kadya surya | murub muncar nèng jajane | langkung suka sri nalendra | angandika hèh bapa | iku kabèh nak putumu | igih punika sadadaya |[1]| |
| 03.046 | iya akèh sun tingali | bapa liwat sun tarima | iku arsa ngabdi ingong | lah mara aprasêtyaa | samya atur prasêtya | pan sampun katur sadarum | wismanira dhawak-dhawak || |
| 03.047 | lan kang cêlêk lan kang têbih | tanapi kang nunggil desa | kang cêlak têbih tindake | kalangkung suka sang nata | nulya dipun prayoga | prasamya jinunjung lungguh | ikang anama dipatya || |
| 03.048 | miwah răngga lan ngabèi | dêmang arya pandêlêgan | kandhuruan dhamoine | kang ginawe lurah kathah | tinata jro lan jaba | apa saadating ratu | pan sampun pêpak sadaya || |
| 03.049 | Satomi jinunjung ligih | sampun anama dipatya [[f. 29v]: di...patya] | ing Sukapura wismane | kinèn nguwisi parentah | dadya pêpatih nata | kasrah dhêdhak mêrangipun | tan nguningani sri nalendra |[2]| |
| 03.050 | anak putune amukti | Dipati Bojanêgara | lan Dipati Bandhung rane | Dipati Parakan Muncang | lan Dipati Ciancang | ing Cianjur ki tumênggung | ing Cipaku nama dêmang || |
22–23 dari 206
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: igih punika sadaya (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.45.7). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan nguningani narendra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.49.7). (kembali) |