Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 42
23 dari 206
221–230 dari 2.053
03.048 miwah răngga lan ngabèi | dêmang arya pandêlêgan | kandhuruan dhamoine | kang ginawe lurah kathah | tinata jro lan jaba | apa saadating ratu | pan sampun pêpak sadaya ||
03.049 Satomi jinunjung ligih | sampun anama dipatya [[f. 29v]: di...patya] | ing Sukapura wismane | kinèn nguwisi parentah | dadya pêpatih nata | kasrah dhêdhak mêrangipun | tan nguningani sri nalendra |[1]|
03.050 anak putune amukti | Dipati Bojanêgara | lan Dipati Bandhung rane | Dipati Parakan Muncang | lan Dipati Ciancang | ing Cianjur ki tumênggung | ing Cipaku nama dêmang ||
03.051 ing Cikosèl Ki Ngabèi | Adipati Parayangan | Tumênggung Ciamis rane | Gunung Jali aran Răngga | tanah Nusyakambangan | putra èstri madêg ratu | prabu rara iku wadat ||
03.052 nora akarsa akrami | balane sami wanodya | Nusyatambini arane | ing kono tanna wong lanang | prabu rara punika | putranira sang aprabu | ing Galuh kala supêna ||
03.053 wus karsa dewa kang luwih | tinampan sang kamandhala | tinitah anèng ing kono | mila sakti mahabara [[f. 30r]: mah...abara] | nêngna kang winarna |[2] bumi sawetaning Galuh | Dipati Tirtakêncana ||
03.054 miwah Adipati Mêsir | lawan Tumênggung Salinga | Adipati Panjêr mangke | Ki Ngabèi Prabaliga[3] | Dêmang Nusyabarambang | ikang alit tan kaetung | nama ngabèi lan arya ||
03.055 răngga dêmang ăndhamoi | atanapi pandêlêgan | iku wisma praja kabèh | anulya sang nata mêdal- | akên ikang saosan | dhêdharan lan mantrinipun | sukan-sukan pagêlaran ||
03.056 warata dhatêng pakathik | wus wanuh nata ngandika | bapa bubarêna kabèh | padha tataa pomahan | kondur sri naranata | mugah[4] pêpagungan[5] dulu | untabe kang wadyabala ||
03.057 bubar wadya bala alit | miwah kang sikêp gêgaman | kadya samodra syarane | untabe lir wardu ăngga [[f. 30v]: ăng...ga] | gadêbêging lumampah | syaranipun kadya-kadya kêtug |[6] lare syarane lir gêrah ||
23 dari 206

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan nguningani narendra (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.49.7). (kembali)
Kurang satu suku kata: nêngêna kang winarna. (kembali)
Prabalingga. (kembali)
munggah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
pêpanggungan. (kembali)
Lebih dua suku kata. Bandingkan: syaranipun kadya kêtug (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.57.6). (kembali)