Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 42
23–24 dari 206
226–235 dari 2.053
| 03.053 | wus karsa dewa kang luwih | tinampan sang kamandhala | tinitah anèng ing kono | mila sakti mahabara [[f. 30r]: mah...abara] | nêngna kang winarna |[1] bumi sawetaning Galuh | Dipati Tirtakêncana || |
| 03.054 | miwah Adipati Mêsir | lawan Tumênggung Salinga | Adipati Panjêr mangke | Ki Ngabèi Prabaliga[2] | Dêmang Nusyabarambang | ikang alit tan kaetung | nama ngabèi lan arya || |
| 03.055 | răngga dêmang ăndhamoi | atanapi pandêlêgan | iku wisma praja kabèh | anulya sang nata mêdal- | akên ikang saosan | dhêdharan lan mantrinipun | sukan-sukan pagêlaran || |
| 03.056 | warata dhatêng pakathik | wus wanuh nata ngandika | bapa bubarêna kabèh | padha tataa pomahan | kondur sri naranata | mugah[3] pêpagungan[4] dulu | untabe kang wadyabala || |
| 03.057 | bubar wadya bala alit | miwah kang sikêp gêgaman | kadya samodra syarane | untabe lir wardu ăngga [[f. 30v]: ăng...ga] | gadêbêging lumampah | syaranipun kadya-kadya kêtug |[5] lare syarane lir gêrah || |
| 03.058 | kadya udan sinêmèni | syarane rêbat pomahan | sampun atata wong kabèh | Adipati Sukapura | mantuk ing kapatihan | miwah dipati tumênggung | mantuk dalêm sowang-sowang || |
| 03.059 | tanapi kang para mantri | wus atata padalêman | têka angêsupi bae | kurang jalma luwih umah | pasar agêng wus dadya | kathah wong ngalèh angindhung | nagri ing Galuh wus Gêmah || |
| 03.060 | wus korak ing tanah Jawi | Sang Nata Galuh punika | jlêg tanpa sangkan jênênge | purwane norana wikan | kadhatone têtiban | prabu sakti tan apunjul | barang kang cinipta dadya || |
| 03.061 | kawarta sakèh nêgari | ikang lakon dasa dina | sasasi wus mirsa [[f. 31r]] kabèh | samya ajrih kamawula[6] | lor kidul kilèn wetan | ingutusan samya rawuh | ajrih norana sawala || |
| 03.062 | Cirêbon nama dipati | Adipati ing Jakarta | Tumênggung Karawang mangke | adawa lamun winarna | sapangilèn mangetan | kandhêg Balambangan Wangsul | sumawita kumawula || |
23–24 dari 206
| 1 | Kurang satu suku kata: nêngêna kang winarna. (kembali) |
| 2 | Prabalingga. (kembali) |
| 3 | munggah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
| 4 | pêpanggungan. (kembali) |
| 5 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: syaranipun kadya kêtug (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.57.6). (kembali) |
| 6 | kumawula (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.61.4). (kembali) |