Tembang macapat
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 42
24 dari 206
231–240 dari 2.053
| 03.058 | kadya udan sinêmèni | syarane rêbat pomahan | sampun atata wong kabèh | Adipati Sukapura | mantuk ing kapatihan | miwah dipati tumênggung | mantuk dalêm sowang-sowang || |
| 03.059 | tanapi kang para mantri | wus atata padalêman | têka angêsupi bae | kurang jalma luwih umah | pasar agêng wus dadya | kathah wong ngalèh angindhung | nagri ing Galuh wus Gêmah || |
| 03.060 | wus korak ing tanah Jawi | Sang Nata Galuh punika | jlêg tanpa sangkan jênênge | purwane norana wikan | kadhatone têtiban | prabu sakti tan apunjul | barang kang cinipta dadya || |
| 03.061 | kawarta sakèh nêgari | ikang lakon dasa dina | sasasi wus mirsa [[f. 31r]] kabèh | samya ajrih kamawula[1] | lor kidul kilèn wetan | ingutusan samya rawuh | ajrih norana sawala || |
| 03.062 | Cirêbon nama dipati | Adipati ing Jakarta | Tumênggung Karawang mangke | adawa lamun winarna | sapangilèn mangetan | kandhêg Balambangan Wangsul | sumawita kumawula || |
| 03.063 | Bugis Mêkasar prasami | Tranete padha aseba | Timur Banjar Bima mangke | punika ikang kawilang | tan wikan kang akathah | kilèn Bantên watêsipun | ing Lampung lan Sokadana || |
| 03.064 | Polembang Jahor lan Jambi | Lombok Patani aseba | Salebar Mandar ta mangke | Salot Sadhong Ngurèng prapta | puniku kang kawilang | miwah nagri ing Trêngganu | kang tan dhatêng linurugan || |
| 03.065 | sadaya anungkul sami | asrah bulupêtènira | mring Prabu Galuh idhêpe | samana gêmah raharja [[f. 31v]: rah...arja] | murah sarya tinumbas | tulus kang sarya tinandur | tan ana darbèk kang ilang || |
| 03.066 | nêgari aloh jinawi | pasir awukir ajêmbar | akathah kalangênane | ing dharat miwah ing toya | pasisir lawan arga | eca wong cili sêdarum | sang nata agung kasukan || |
| 03.067 | panjênêngane wus lami | tansah mukti ing asmara | prabu anèng jro kadhaton | asare lan pramèsyara | sri nata asupêna | tinurunan dewa luhung | pinaringan babrêkan |[2]| |
24 dari 206
| 1 | kumawula (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.61.4). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pinaringan babrêkatan (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 3.67.7). (kembali) |