Tembang macapat

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), 1794, #1039

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3–4 dari 42
25–26 dari 206
247–256 dari 2.053
03.074 wis pêpêtinên kang bêdhil | dewa [[f. 32v]] ilang isun kagyat | ikang dadi manah ingong | pan ora kaya supêna | yayi ujaring dewa | sawahyane impèn isun | iku kang dadi grah nala ||
03.075 ngêndi alèh[1] ingsun bêdhil | kang kaya impèn manira | dene apelag warnane | iku ikang dadi manah | dhuh kakang ji sapala | ngupadosa igih antuk | jamak wong nendra supêna ||
03.076 ora yayi dadi ati | yèn tan katêmu pèn ingwang | amasthi palastra ingong | yèn mangkatên kakang nata | pun patih tinimbalan | ngumpulêna para êmpu | damêla ikang sanjata ||
03.077 waos pêdhang gada piling | dhuwung suduk laras dhêndha | badhama bêdhil kang akèh | suligi lan alugora | nênggala lawan cakra | bilih marêngi lan kayun | lah yayi sakarêpira ||
03.078 isun ora nguningani | angsal padha lan supêna | nulya para nyai miyos [[f. 33r]: miyo...s] | warnanên ing pagêlaran | pêpak para nayaka | ki patih ngrudatin kalbu | iya dening supênanya ||
03.079 layyan malih sri bupati | alami tan sinewaka | apa kang dadi galihe | eca samya agupita | wadya jro ikang mêdal | dhawuhkên timbalan prabu | agupita wong taruna ||
4. Sinom
04.001 ki apatih atămpaa | timbalanira sang aji | pêkênira ngumpulêna | êmpu dhomas nambut kardi | êmpu para bopati | miwah kang êmpu tumênggung | êmpu dêmang lan răngga | jajare aja na kari | wêdananing ing êmpu kang nindhihana ||
04.002 samya karyaa gêgaman | kang awarna karsa aji | namane satunggal-tunggal | sandika ture ki patih | nulya dipun timbali | êmpu dhomas sampun kumpul | wêdanane wus prapta | kala jênênge [[f. 33v]: jê...nênge] sang aji | Ratu Galuh êmpu kang dadi pangarsa ||
04.003 sri bupati pandhe dhawak | sêmana anambut kardi | pra êmpu sadina-dina | waos dhuwung lawan bêdhil | gandhi lan gada piling | padha malaran kang agung | pirang-pirang kathahnya | nanging durung anglêrêsi | ikang karsa kang sami lawan supêna ||
04.004 kang saya ngrudati[2] nala | lami dènira akingkin | nora kêna sinewaka | sirêp sakèh wong nêgari | dening duka sang aji | sang nata nêdha dewa gung | anulya tinurunan | aja dadi susah kaki | bêdhil iku kaki aji ya wis ana ||
25–26 dari 206

 


olèh (dan di tempat lain). (kembali)
ngrudatin (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 33), Pupuh 4.4.1). (kembali)